Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Jago Kluruk Tengah Wengi

kumleyang nyandhak lan nyekeli kenceng driji-drijiku.
"Sejatosipun sampun mapinten-pinten dalu ugi kula muwun. Raos manah kula ugi mboten nate sekeca bilih mireng sawung ingkang kluruk wonten satengahing dalu, Kangmas! Kepareng matur, Kangmas! Menapa ingkang kula raosaken wonten ing manah kula menika sasaget-sagetipun mboten kula aturaken, sasaget-sagetipun kula sidhemaken. Kula ajrih, ajrih saestu menawi kula matur samangke ndadosaken raosing manah panjenengan langkung kirang prayogi. Senajanta, Kangmas! Senajanta menika awrat sanget tumraping kula." ature ditata kanthi premana.
Dhuh, Nimas! Kongsi semono labuh labetmu tumrapku. Taktampa temenan anggonmu nggulawenthah rasa pangrasaku. Babar blas aku ora mangerteni umpama sliramu uga nampani reribet kang padha tumrapku. Babar blas ora takgagas anggonmu kelara-lara mblebet panjeriting atimu. Sineksen eluhmu, Nimas! Sineksen eluhmu aku datan bisa maido abote reribet tumrapmu.
"Sampun ta, Kangmas! Sampun dipunpenggalih saestu, awit umpami kalajeng-lajeng saestu menika kirang prayogi. Pramila mangga, kanthi kawicaksanan kula aturi Kangmas kendel rumiyin anggenipun menggalih. Awit ingkang punbetahaken sakmenika mboten sanes namung wekdal ingkang cekap anggenipun Kangmas ngaso, mboten wonten sanesipun.
Ukara-ukara mau metu ambal-ambalan saka lesaning sisihanku. Dakrasak-rasakake pancen okeh benere, keparaa malah ora ana lupute. Kanthi kawicaksanaa lan sarehing ature kelakon sethithik mbaka sethithik nentremake atiku.
"Iya, Nimas! Cukup."
Kepeksane takpunggel ature. Aku ora kepingin sisihanku nangis ngaruara nggetuni kahanan. Apa meneh iki wayahe wis lingsir wengi. Ora ana dalan kang luwih becik kejaba nyembadani apa kang wis diaturake mau. Wengi iki, senajan tanpa sineksenan Ri Sang Purnama, kelakon anggonku lan sisihanku turu kepati,
nututi playuning impi.
Dumadakan ana sawijining dina atiku kaya didhodhog sakrosane, kaya-kaya jebol kawicaksananku lan kumudu-kudu anggonku nesu. Pitakonan-pitakonan kang saksuwening suwe taksiriki lan taksingkiri saiki uwal lan metu saka lesaning dyah ayu kang dadi pepujaning atiku. Pitakon-pitakonan kang ssaben-saben takgoleki wangsulane, ora nate ketemu. Amung branta ngunjara lathi, amung bundhet kang
saya njiret-njiret.
Wewayangan kang wus ilang pirang-pirang pasaran takblesek-blesekke adoh, saiki teka tanpa sasmita. Lelakon kang saksuwening uripku tansah bakal takwadekake, dumadakan kumudu kudu teka tanpa taha-taha. Nalika semana, aku kondhang minangka kraman. Emoh lan ora sudi aku mituhu marang ratu.


Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

69