Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Imam Wicaksono

wangsulanku.
"Wonten dhawuh menapa, Kangmas? Ketingalipun wigatos saestu." Wis taktimbang bola-bali, taktraju apa kang bakal takwetokake saka lésanku Aku ora sambat marang sisihanku, amung nyoba ngelong-longi apa kang mbebundhet pikiranku. Mbokmenawa kanthi kawicaksanane lan kanthi endah ature bisa ngudhari bebundhet iki.

"Ngertenana, Nimas! Taksuwun rungokna kanthi prayoga. Sepisan maneh taksuwun ajaa apa kang takaturake iki ndadekake ciliking atimu. Apa maneh nambah-nambahi pikiranmu ing tembe." coba arep takblakaké apa kang ndadekake angel anggonku mapan turu marang sisihanku.

"Kasinggihan, Kangmas! Menapa ingkang dipunpenggalih mapinten-pinten dalu menika?" ature kaya-kaya disawatakake.

Aku ora bisa kumecap, blangkemen. Lambeku kinunci nalikane taksawang pasuryane. Netramu, Nimas! Netra kang kadya manila iku katone isih sulistya. Soroting netramu kaya-kaya bisa nyawang jero, jero, lan jero nrabas telenging panon lan kedunging pangarasaku. Kaya-kaya saguh namatake reribet kang ndadekake petenging pikiranku. Dhuh, netra sing rikala semana saguh ngawut- awut atiku. Netra kang saguh gawe nandhang branta. Netra kang kasulistyane saguh gawe ngame.

"Kangmas, menapa ingkang punpenggalih?" ature. "Ngertenana, Nimas! Anggonku klisikan tengah wengi mangkene ora liya karana kahananing atiku kang tansah goreh, ora bisa jenjem apamaneh sumeleh barang sedhela. Coba setitekna urubing senthir ana bangku kae. Setitekna sedhela, Nimas! Setitekna kanthi premana." gage-gage takwangsuli pitakonane kanthi suara abot.

"Sampun, Kangmas! Sampun mawi cangkriman kados mekaten. Kula ajrih menawi seserepan kula ingkang sekedhik menika kirang prayogi tumrapipun menapa ingkang Kangmas kersakaken." suarane lirih.

"Ora, Nimas! Aku ora cangkriman. Aku amung coba nggathuk-nggathukake kahananing atiku memper urubing senthir kae. Setitekna urube kang mobat-mabit kae. Sedhela mlayu ngalor, sedhela mlayu ngidul. Mengko mlayu ngulon, lan pungkasane mlayu ngetan. Dipulasara samirana kaya ngana, urube tetep puguh. Semono uga aku, Nimas! Umpama aku kudu mbengok, dakmbengok sakrosane uger bisa ngentheng-enthengi kahananing atiku. Kahananing atiku kang tansah mobat-mabit iki. Kaya-kaya aku kumudu-kudu sumingkir adoh saka papan taksokake kabeh apa kang dadi reribetku marang sisihanku. iki"

"Kepareng matur, Kangmas! Menapa ingkang Kangmas penggalih menika sami kaliyan menapa ingkang kula raosaken, Kangmas!" tangane gage-gage

68 Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta