Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Jago Kluruk Tengah Wengi

Imam Wicaksono


Wis pirang-pirang dina jagone kluruk ana satengahing wengi. Kluruke kang welas asih, saguh nyuweki sepi. Wengi katone sangsaya ngranuhi. Prekara mau oratakprayitna temenan. Daksawatake adoh gegambaran lan wewayangan kurang prayoga kang sengkut lelumban aneng panonku. Coba taklali kahanan iki, coba takakali kareben gelis anggonku turu kepati. Babar blas, ora takanggep kabeh mau sasmita. Sasmita kang nyasmitani sedhela maneh ana rajapati.

Wis pirang-pirang dina uga, angel anggonku nendra. Bola-bali sesihanku ngaturi kareben aku ora kelantur-lantur anggonku mapan ngaso.

“Mangga kula aturi saré, Kangmas! Sampun ngantos kelantur-lantur, langkung-langkunng kasep. Awit menika kirang prayogi.” mangkono aturé.

Pisan pindho coba daklegani panyuwuné, anangin ora mung pisan pindho uga aku tetep klisak-klisik nyekseni dawane wengi.

Ora krasa, kongsi pirang-pirang jam anggonku tetep puguh melek. Jagone kluruk maneh, nandakake wengi kang sepi iki katone tambah atis lan tintrim. Kluruke ora memper kluruk kaya adate. Memper kluruk jago kang kumalungkung lam sembada. Miturut rasa pangarasaku kaya-kaya ana barang kang nyalawadi. Coba taksetitekake maneh, taksetitekake kanthi setiti klawan ngati-ati. Klurukè ambal-ambalan sangsaya ngeres, sangsaya nyedhih-nyedhihi. Taksuwun ajaa ana prastawa apa-apa ing tembe mburi.

“Kangmas menapa dereng sare?” pitakonane sisihanku.

“Durung, Nimas! Tangia sedhela, aku takblaka marang sliramu.”

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

67