Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Risang Yudhistira Sugiyana

lan kepuh gedhene saprangkul, nuwuhake sesawangan kang sinub medeni. Tilarane Kyai Landhoh isih dirawat kanthi becik, isih bisa dipriksani, padha dipepundhi minangka bukti sejarah, wujude: kitab Al Qur'an kanthi aksara gondhil, kudhi wujude pedhang cendhak perangane ganja awangun elar garudha, lan bathok bolu wujude bunder kaya bathok digawe saka kayu trembalo. Bumi perdikan Landhoh saiki katelah Lendhah, wengkone didadekake kecamatan, kabawah ing Kabupaten Daerah tingkat II Kulon Progo. Dene gunung Cubung saperangan wis rusak, dijupuki watune kanggo gawe labur, utawa kanggo gawe pondhasi omah.

Dene mungguhing kang pracaya, sajatine wengkon Kleben yen dideleng saka jagad walikan rupa sendhang gedhe, mula saelore pasareane Kyai Landhoh sawatara jembare nganti seprene ora bisa dienggoni. Akeh kang wurung, utawa mandheg tengah anggone gawe omah, sebab papan iku dudu dharatan, dadi ora bisa diedegi omah. Senadyan wengkon Kleben saiki wis dikupeng desa kang reja, nanging para sedulur kang kersa tindak mrana dak suwun ngati-ati. Wengkon Kleben isih kagolong papan angker, isih akeh wong kang bingung arahe laku, kala-kala ing tengah wengi isih keprungu swarane gamelan reog, nanging yen dicedhaki swara mau mbalik saka arah asale kang padha nyedhaki. -@

Waallahuallam.


66

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta