Wengkon Kleben
Dene Kyai Saridin banjur karan asma Kyai Landhoh, merga dedunung ing Landhoh.
Bumi perdikan anyar wewengkone Kyai Saridin, iya Kyai Landhoh nemoni kahanan jenjem ayem, ndadekake akeh wong padha kelu kepingin manggon ing kono. Cacade tanpa nyuwun lilah marang Kyai Landhoh. Dene Kyai Landhoh dhewe uga ngrumangsani mung wong neneka, anggere kabeh padha guyub, Kyai Landhoh uga wis trima. Kyai Landhoh anggone menggalih prakara iku ngepasi ana ing gumuk saelore desa. Para sedulur kang pating bluru tanpa jawab kula nuwun tekane, mbokmenawa lagi lali, kaya wong mendem kecubung. Ing pamburine kanggo pangeling-eling, gumuk cilik mau dijenengi gunung cubung.
Ora let suwe banjur saya akeh wong neneka gawe trukan anyar, saking akehe banjur dadi rebutan enggon, drengkine dikatonake, sikut-sikutan, pidak-pidakan, benthak sirah menang-menangan, ndadekake bungahe para jim setan kang banjur nrembunuh, nyaru wuwus gawe dahuru pagebluk, akeh lelara, lan pepati, wulu wetune kebon lan panene padha gagar wigar tanpa karya. Wong-wong kang neneka iku banjur ngira menawa kuwalat karo Kyai Landhoh, merga melu truka ing kono tanpa nyuwun palilah, mula banjur sowan nyuwun pangapura lan senjata pitulungan bisane kaslametan.
"Kyai, kula sadaya ingkang sowan mriki, ngrumaosi lepat. Kula nyuwun pangapunten. Kyai kula suwun ngicali walat ingkang kaparingaken dhateng kula sadaya," mangkono ature pangarepe wong trukan anyaran iku.
"E … sedulur, aja kleru panemu. Sedulur kabeh ora kuwalat karo aku. Mung mbokmenawa anggone para sedulur rebut menang karo kanca iku menehi dalan para dhedhemit anggone ngganggu gawe kowe kabeh," ngendikane Kyai Landhoh sareh.
"Kyai, kula sampun mboten badhe cecengilan malih. Kula nyuwun pangayoman Kyai."
Kyai Landhoh tuwuh welase, banjur enggal nuduhake dalane katentreman, sarana eling marang kang gawe urip. Golek kadonyan prayoga ora susah murka, mundhak ngedohake rasa narima. Sapurnane ngendika Kyai Landhoh kanthi kadherekake para warga kirab ngubengi wengkon. Kabeh sawah pategalan padha disarati sarana diungkuli nganggo kudhi pusaka, kang lara padha ditambani sarana ngombe banyu bening kang diwadhahi bathok bolu pusakane Kyai Landhoh. Kersane Kang Maha Kuwasa pagebluk mbaka sethithik bisa ilang. Wengkon Landhoh bali ayem tentrem, reja, mulya.
Kyai Landhoh seda taun pira ora ana kang ngerti, anggone nyarekake ing Kleben. Nganti saiki papan pasareane isih padha diziarahi, pasareane uga dadi wengkon makam umum, lan kang disebut Kleben ya mung sajembare wengkon pasarean iku. Sanajan wis ora wujud alas, nanging isih ana wite bendha, wit rahu
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
65