Risang Yudhistira Sugiyana
liyane, nganti kemput warata kabeh uwong padha ngerti menawa papan iku wis kareben. Suwe-suwe papan iku diarani Kareben, mingset pangucape dadi Kaleben utawa Kleben.
Alas Kleben pancen kondhang medeni. Kewane galak pancen wis lunga kesuk tekane manungsa, nanging papan iku isih dadi dhangkane jim, setan lan prayangan. Merga kaprabawan dening Kyai Saridin, bangsane lelembut mau kepeksa kendhak, ora wani ngganggu gawe manungsa nganti neniwasi. Dadi uripe kaya dene srawung tetanggan wae. Mbokmenawa aran lumrah kang jeneng srawung mono para lelembut mau sok kepingin aruh-aruh lan geguyon, utawa elik-elik apa kapiye karepe. Nanging uga kadhang kala kasluru tembung lan salah panampa ing sawijining tumindak, dadi kalamangsa benthik padha pathak. Upamane, dhek biyen ora awan ora wengi, kerep banget senajan wong desa sacedhake kono, yen mlaku cedhak Kleben dadi bingung, kuwalik-walik keblate. Dadi wong iku mung mlaku mubeng, dalan sing diliwati mau diliwati maneh, arahe ora menyang panggonan kang dituju, nganti kekeselen, malah ana kang nganti semaput ora bisa bali. Tembunge digondhol dhemit Kleben, tembung aluse diajak mlaku-mlaku sing tunggu Kleben. Yen ngepasi rembulan purnama, para jim setan padha kothekan kaya wong rondha, kala mangsa kaya ana swarane gamelan prajurit budhalan utawa sawise ana seni reog, jim-jim mau padha tetabuhan sing unine kaya gamelan reog. Saka kadohan ngungkung swarane bendhe, sauran, teteg lan dhodhog. Nanging yen diparani swara mau alihan enggon. Ana maneh wong sing dipanjingi dhemit Kleben, wong mau banjur ngomyang njaluk diterake mulih menyang Kleben, yen ora diterake trima lara awake. Kadaden werna-werna sabangsane iku, sing luput banjur sapa? Lumrahe manungsa ora padha weruh lakune bangsa alus, dadi akeh wae kanthi ora kejarag ndadekake bangsa alus mau rumangsa keganggu. Kosok baline tumrape manungsa, yen disasarake utawa diangslupi uga ngandharake diganggu dhemit.
Kanggo nyuda karibedane manungsa kang pancen tinakdir memungsuhan karo jim setan mau, Kyai Saridin anggone dhedhukuh ing sacedhake Kleben, kanthi mangkono bisa kanggo tameng para pandhereke, mundhak keganggu trekahe setan.
Kyai Saridin anggone mrentah wewengkone kalambaran tekad nggawe lelabuhan, Kyai Saridin adoh saka kamelikan donya, adoh drajad pangkat donya. adoh rasa legining donya. Sugenge sarwa prihatin, kanthi nggarap wulu wetuning kebon. Jroning penggalih wis ora kepingin kondur ing tanah Persia, penjenengane wis dadi wong Jawa kang ngugemi tindak prasaja. Wong-wong pandhereke uga ndherek nggilut gebengan urip prasaja, pagaweane nggarap kebon lan sawah, uga padha ngingu kebo bule utawa kang diarani kebo landhoh, merga putih rupane kaya wong landa. Nganti wengkon bumi perdikan kono katelahe perdikan Landhoh.
64
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta