Wengkon Kleben
titise pamadung, ora suwe meh separone delegan kayu iku wis growong. Kringete dleweran ndadekake glugut kang tumemplek ing awake saya ndadi rasa gatel lan panase, si Santri uga saya panas atine, dadi ringut tandange. Growongane kayu diambakake, banjur dipethukake ing perangan suwalike. Swara gajluge wadung bablas adoh numbuk ing desa pentogane pategalan, swarane jumeglug gawe mirise kewan kang umpetan sakupenge papan iku. Bareng ana swara kretek-kretek, si Santri gage ngedohi papan, sabanjure wit bendha iku katon saya ndhoyong saya ndhoyong, 'krosaaak... bruooong.... Wite wis ambruk, ngrubuhi wit liyane padha pokah, sempal keprapal, lemah sakubenge krasa obah kaya kataman dayane lindhu.
Mangkono tandange si Santri tanpa leren nganti srengengene ngglewang mangulon. Pirang-pirang delegan uwit rumangsane wis ditegor, tur sing ditegor milih uwit sing gedhe-gedhe, ya wit rahu, wit bendha, wit kepuh. Ketang sayah lan ngelak ngelihe, si santri mulih perlu mangan dhisik, sabubare mangan bakal mbaleni gawean. Mulihe ngetiging tanpa noleh, gambaran ing pikirane duwe tegal sawah amba sedhela engkas bakal katekan.
Tekan ngomah si Santri banjur mangan lan ngombe satutuge. Rampung mangan ngombe, tanpa leren banjur cengkelak bali menyang papan panggaweane. Gene apa ndandak leren, mundhak kesuwen anggone duwe tegal sawah jembar. Bareng tekan panggonane mbukak alas, si Santri kagete kaya kasamber gelap luput. Dheweke ndomblong, mripate mlolo, awake ndredheg wel-welan, kringete mak brol, gegrontolan, sebab weruh wit-witan kang ditegor mau isih wutuh ngadeg, kiwa tengene kang mau kembrukan uga ora ana tilase rusak. Mangka genah ora kleru papan kang dituju, wadunge uga isih ajeg semendhe ana sandhing papan kono. Saking wedine si Santri mlayu sipat kuping, nubruk bentus kamigilan. Playune ngener ana padhepokane Kyai Saridin.
Tekan ngarepe Kyai Saridin, si Santri banjur ndheprok, guneme ndremimil nadyan ora pati cetha, ning genah karepe nyuwun ngapura lan nyuwun pangayomane Kyai Saridin.
"Ngger, sarehna atimu. Ana prakara apa, kok ambeganmu krenggosan kaya dioyak kewan galak," ngendikane Kyai Saridin. Si Santri sawise nata ambegan banjur matur apa anane, saka lekasan nganti pungkasan. Sarampunge atur Kyai Saridin nyebut asmane Gusti, ketang anggone mesakake karo kahanane si Santri.
"Lelakonmu iku dadia pengeling-eling yen panggonan lor desa sakidul gumuk, kang embuh jembare sepira, tekan sawatara wektu ila-ila kareben tetep dadia alas, mbesuk wae embuh jaman kapan dimen resik karepe dhewe mbaka sethithik, anut lakuning kodrat."
Si Santri mundhi kabeh dhawuhe Kyai Saridin, banjur martakake marang kabeh kancane, yen alas saelore desa sakidul gumuk, saka dhawuhe Kyai Saridin wis "kareben". Kancane uga banjur tundha-tinundha martakake menyang kanca
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
63