Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Risang Yudhistira Sugiyana

dadi pekarangan, tegal lan sawah jembar-jembar, pametune akeh. Wis cetha bakal dadi wong sing sugih dhewe sadesa. Uripe bakal kepenak, ketunggon donya brana, sugih kebo, sugih sapi, sugih jagung, sugih pari, makmur misuwur jibar- jibur, blura-bluru blabur madu. Ora wurung bakal klakon duwe bojo ora mung siji. Jeneng bojo mono kena wae loro, telu utawa papat sisan.

Saking notoling kekarepan, wong sing diparabi Santri mau ora sranta yen kudu ngenteni dina sesuk esuk. Luwih becik diwiwiti saiki pupung isih awan, setengah dina ya luwung kanggo lanjarane sing selapan dina. Bab iku ora tembung urik ngapusi, dadi ora dosa. Wis lumrahe ana lanjaran etungan, kaya dene wong tetuku, ora kudu lagis, welasan utawa rolasan ya kena. Si Santri banjur akon kancane tata-tata tumandang. Merga kancane wedi ndhak disatroni mula ya teka manut wae, ora ketang njerone grundal-grundel. Tekan pok alas bukakan, si Santri banjur aba tumandang, nanging kanca-kancane nggone tumandang ya mung sakepenake wae. Si Santri dadi mangkel banget, mula dheweke dhewe sing kudu ndhepani kekarepane. Goclak-gaclok wadunge nenggel kayu saprangkul-prangkul, siji loro klakon rubuh, wit katelune nusul rubuh.

“Ah, gene gampang wae, dhasar dha ora niyat bebantu,” batine muni. Wit kang cilik-cilik uga dibabati, gegrumbulan dipecoki. Godhong lan kayu-kayu mblasah. Sedhela wae dinane wis mrambat nyedhaki wengi, si Santri aba nguwisi, kancane banjur mak bradhat mlayu bali, salonge wis ana sing ndhisiki.

Ora ana crita sajrone sawengi. Esuke si Santri wis siaga ngayahi kardi. Lakune nguncluk, pundhake manggul wadung, dheyang-dheyangan tanpa ngajak kanca. Tuwas ngajak kanca, yen tandange ora ngarusi, trima diayahi dhewe. Bareng tekan pok alas bukakan, si Santri plenggongan kecampuran bingung. Rumangsane nggone nuju panggonan sing arep diblandhongi ya wis bener, ning kok ora ana tepake sing ditandangi dhek wingi. Wit-wit gedhe sing pating glundhung wingi endi, kok ora ana? Ojoa wit gedhe, grumbul-grumbule isih ngganggeng wutuh getuh, bundhet bebondhotan ora bisa dipiyak, uga babar pisan ora ana katon pecelan-pecelan kayu sisaning wadung.

“Mejanani temen,” grenenge si Santri, “apa kira-kira dudu panggonan iki sing dak blandhongi wingi?” Si Santri mikir-mikir maneh. Dhasar karepe mbregundung, mula banjur muntu tekad. Upama papan sing ditandangi dhek wingi pancen dudu

panggonan iki, ning sesuk-sesuk mesthi gathuk, tegese ora ana ilange, kabeh ketandangan. Si Santri banjur lekas tumandang. Sing dadi lesan manggawean dhisik dhewe, si Santri marani wit bendha rong prangkul gedhene. Dheweke nlasak-nlasak grumbulan, awake kebundhet-bundhet oyot sulur, kulite keberut eri rendhet. nyenggol godhong ingas lan rawe, ora digawe rasa. Tekan nggone banjur namakake wadunge, grewal-grewal kayune padha singsal mbaka rong geblok gedhene. Saking

62

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta