Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Wengkon Kleben

“Selak mboten, sagah dereng kantenan. Kula nyuwun lilah saha pangestu, bidhal nyendikani dhawuh Paduka Kanjeng Panembahan. Insyaallah kasembadan anggen kula bebadra dados cikal bakal,” ature Kyai Saridin, ya Syeh Jangkung.

“Iya Kyai, Ingsun precaya tekadira.”

Tanpa mbuwang wektu mundhak dadi siya, Kyai Saridin banjur budhal ngluru dununge papan, kanthi sawatara pendherek kang ngrilakake baune perlu tandang gawe. Sawatara suwene wis tekan papan kang dituju, Kyai Saridin miwiti ngemonah cadhongan bumi perdikane. Kawitane babad alas gung liwang-liwung, mblandhongi wit kang gedhe-gedhe, nyingkirake kewan-kewane galak, ula mawa wisa mutawatiri, lan sarehne alas iku isih dadi dhangkane setan brekasakan, mula padha diprema supaya mire. Sawise entuk sawatara jembare nggawe papan padunungan lan sawah-sawah, Kyai Saridin kang wicaksana iku paring dhawuh marang pandhereke.

“He, sedulur-sedulur kabeh wae, kaya wis cukup jembare tanah perdikan iki tumrape awake dhewe. Alase aja dientekake, mesakake kewan-kewane mundhak kentekan padunungan.”

“Nuwun Kyai, kasinggihan dhawuhipun Kyai. Nanging rehning kula menika ingkang mandhegani kanca blandhong, menawi wonten keparengipun Kyai, kula nyuwun bageyan sekedhik kacek kaliyan sedherek-sedherek kula,” ature salah sijine santri pandherek. Kyai Saridin mesem ing batos.

“O, yoh! Yen pancen adile kaya ngono, iya dak idini. Babada alas maneh kanggo kowe, jembare sepira sakarepmu, dak wangeni suwene pitung dina.”

“Kyai, menawi namung pitung dinten angsal menapa? Kula nyuwun tambah wekdal.”

“Yen pitung dina kurang akeh, dak idini sepuluh dina.”

“Taksih kirang.”

“Rong puluh dina.”

“Kula nyuwun selapan dinten.”

“Yen pancen dadi kemantebanmu, aku mung saderma nglilani, etungen dhewe wektune, wiwitana dina sesuk esuk.” Sawise ngendika kaya ngono iku, Kyai Saridin penggalihe kaya disendhal mayang, prihatin kaworan nenutuh dhiri, dene durung bisa maringi wulang kang piguna tumraping bebrayan, buktine isih ana muride kang awatak kemaruk.

Kosok baline santri pandherek mau atine marem banget, panyuwune dikabulake. Rumangsane dheweke iku santri kang paling apik dhewe, sebab ya mung dheweke sing wis pinter maca kur'an, dene kanca liyane mung kaya dene ketepu melu wae. Saiki si “Santri” ngen-ngene bakal duwe panggonan kang jembar dhewe katimbang karo kanca-kancane. Sesuk emben lemah darbeke iku bakal

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

61