Dumadining Desa Sumoitan
Nyi Sumaita dhateng pasareanipun Ki Sumaita, kaliyan Nyi Karya, Nyi Sariman. Kados punapa kagetipun awit ing nginggilipun sarean wonten bangke kidang
"Lho dhi kuwi bangke kidang banjur sing menehake kene ki sapa?" ngendikanipun.
"Lha nggih sinten nyi?" Aturipun sesarengan.
Nyi Sumaita menggalih, apa ya si macan ngerti yen kyaine wis ora ana? Lajeng ngendika "O,mesthi si macan!"
"O.inggih dados anggenipun pisungsung punika mboten namung rikala tasih sugeng," ngaten aturipun nyi Karya.
"Lha ya ngono kuwi yu, kewan wae bisa bales kabecikan apa maneh manungsa kang dititahake nduweni budi pekerti, "ngaten sambetipun nyi Sariman.
"Ya, wis, kembange paringna sacedhake bangke kidang kuwi" ngendikanipun.
"Inggih" wangsulanipun sareng.
Sareng sampun cekap, badhe kondur mandheg mangu kados-kados mboten badhe kondur, lajeng nyi Karya matur.
"Nyi, manga kondur Kyaine rak inggih sampun pirsa menawi nyai nuweni."
Lajeng mundur alon kaliyan ngusap waspa, sami kendil mlampah ngantos dumugi griya.
"Tak trima ya nyi sliramu wis ngancani aku ana kyaine," ngedikanipun ningali.
"Inggih nyi sami-sami kula lajeng nyuwun pamit nuweni nggriya," wangsulanipun sesarengan.
Dumugi griya sami nyriyosanken bab bangke kidang ingkang wonten sareanipun Ki Sumaita dumateng semahipun piyambak-piyambak. Gethok tular cariyos punika kasebar sadhusun, salajengipun para warga ing dhusun punika sami ngunandika mbok bilih benjang rejaning jaman dhusun punika kasebat 'DHUSUN SUMOITAN"
Ngantos sapunika dhusun reja sesrawunganipun sae guyub mboten mbedakaken agama, tiyang sugih, tiyang ingkang mboten gadhah, pekennipun sapunika dipun pindhah sakidul bale dhusun. Dados mboten nganggu ingkang badhe dhateng greja. -@
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
59