Dumadining Desa Sumoitan
"Dhi, yen pedhet niki kula suwun tak ijoli wedhus pripun,?" Ngendikanipun Ki Sumaita.
"Lha mangga, ning wedhuse kaya napa?" wangsulanipun ingkang gadhah pedhet.
"Niki wedhuse,"pak Sariman nedadahaken.
Bakulipun ningali, "Lajeng criyos nggih sedaya ta?"
"Lha nggih boten, lima mawon jenengan milih sing endi, sing siji tak gawa bali," ngendikanipun Ki Sumaita.
"Nggih, wadon sing niki sing dibekta kondur," criosipun.
Sareng sampun sami cocok lajeng kondur. Pedhet dipun ingah piyambak, dumugi dhusun lajeng pepisahan, "Ki, kula lajeng nyuwun pamit," aturipun pak Sariman.
"Iya, nuwun," ngendikanipun lajeng sowang- sowangan tumuju wonten dalemipun piyambak. Dumugi griya semahipun sampun wonten. Ugi unjukan sampun woten. Sareng sampun wijik lajeng ngunjuk. Boten wonten pangandikan.
Enjangipun Nyi Sumaita medal badhe nyapu latar, lho! Ana kidang kidang neng ngarep lawang. Ki Sumaita medal nyelaki," Ana apa nyi?" pitakenipun.
"Niku, "kaliyan nudingi kidang.
"Ki Sumaita mriksani. O.., kuwi ta?," Kaliyan menggalih apa macan sing menehi
"Kok kendel Ki? napa njenengan menggalih yen sing nyukani si macan ngaten?" aturipun nyi Sumaita.
Dereng ngantos dipun wangsuli pak Karya nyuwun pirsa, "wonten punapa ?Ki"

"Di Karya iki lho ana kidang, aku karo nyai nggraita yen iki saka macan sing gogor ngaat kepungkur dak tulungi." ngendikanipun kaliyan nudingi kidang.
"O.., dados sima mbales kabecikan dumateng Ki Sumaita," Aturipun pak Karya.
"Iya dhi, arep megawe saiki ?"
"Inggih, mangga, Ki" Pak Karya lajeng dhateng sabin.
Ki Sumaita lan semahipun lajeng mlebet kaliyan mbekta kidang, sareng sampun dipun wragat, Ki Sumaita dhateng sabin, semahipun lajeng olah kidang wau. Sasampun nyawisaken kangge semahipun ugi maringi tangga tepalih ingkang radi celak lan mboten kesupen pak Karya lan pak Sariman. Dumugi dalem sasampunipun wijik lajeng dhahar ingkang dipun cawisaken, Nyi Sumaita mlebet
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
57