Ester Pratiwi
"O, lha iya mesthi," makaten lajeng ngunjuk tumuli jumeneng tindak nuweni gogor ingkang saget ngadeg, gogor mlampah nyelaki Ki Sumaita, sajak aleman lajeng dipun cepeng lan dipun elus-elus. "Wah wis waras kowe, mbokmu mesthi seneng yen weruh,"gogor tetep wonten pangkon lan ningali kdos-kados ngaturaken panuwun dumateng Ki Sumaita ugi nyai Sumaita ingkang nggulawenthah.
Gogor dipun selehaken, murugi semahipun kaliyan ngendika," Nyi sesuk yen neng pasar tukua madu tawon diombekake si gogor kareben luwih kuwat" Ngedikanipun kaliyan semahipun."
Dalu menika katon kekes asrep sepi mboten wonten suwaten walang ugi kewan sanesipun ingkang sesaba, boten kados padatan, Ki Sumaita lajeng mbikah kori mresani njawi wonten sima nggereng dereng ical kagetipun jranthal medal saking nglebet griya lajeng nyelaki sima. "O dadi kowe marani anakmu, arep tak gawa ya ora dadi ngapa wong wis katon bregas," mengaten ngendikanipun Ki Sumaita. Macan lan gogor lajeng mundur sawetawis jangkah mbalik lajeng mlajar.

Ki Sumaita lajeng mlebet griya, murugi semahipun wonten pawon tasih nyepakaken ingkang badhe dipun begta dhateng peken. "Nyi, orasida tuku madu tawon," ngendikanipun Ki Sumaita.
"Lha onten napa," wangsulanipun.
"Gogore wis digawa biyunge,"
"Lha tujune kula ora weruh, yen weruh rak gila,"ature Nyi Sumaita.
Enjangipun Nyi Sumaita bidhal dhateng peken, boten dangu pak Sariman dhateng kaliyan nuntun menda, Ki Sumaita ingkang sampun wonten njawi lajeng ngendika," wis ayo budhal, "nggih mangga Ki. Boten kacariyos lampahipun, sampun dumugi peken rame tiyang ingkang sami badhe tumbas utawi sade kewan kathah. Pak Sariman matur Ki Sumaita," menika pedhetipun sae Ki," iya lajeng mresani kaliyan ngendika.
56
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta