Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ester Pratiwi

ngelus-elus kewan," lo niku napa pakne? Iki gogor, kene wedange gula jawa Lajeng dipun ombekaken sekedhik-sekedhik sareng sampun meh telas gogor pun selehaken, gentos Ki Sumaita lajeng ngunjuk kanthi ngendika mbokne aku mau nulungi gogor sing kecemplung jurang mula nggonku mulih nganti awan, o.. ngaten ta wong pdatanki nek esuk saka sawah kondure ora nganti awan, la terus jenengan nggih ajeng ngopeni gogor niku ngaten napa?Lha iya rak rapapa ta mbokne? la nggih boten napa-napa ning mangke nek mbokne mriki pripun kula wedi lo..., ya mengko didelok wae wong awake dhewe gawe becik supaya gogor iki bisa ngadeg, wong ketoke lara, wis ayo aku tak ngaso ning tulung golekna besek diwenehi gombal terus gogor kuwi selehna kono, Nyi Soma lajeng madosaken besek, gogor pun papanaken wonten pawon.

Enjingipun sasampunipun solat subuh Ki Sumaita ngedalaken lembu saking kandhang tumuju dhateng sabin makarya kados sabenipun. Among tani sanesipun ugi makaten. Ing margi pinanggih Pak Karya," makarya, ki ? Wingi kok kados boten ketingal dhateng sabin" panyapanipun Pak Karya.

"Iya, wingi lagi ana perlu," wangsulanipun Ki Sumaita.

"O, ngaten, kados mendanipun ingkang dipun gadhuh Sariman sampun kathah lo Ki. Punapa boten pun longi dipun sade kangge mundhut lembu," usulipun pak Karya.

"Ya apik usulmu kuwi, nanging ngingune kepriye lawong ngingu siji ki repot je", wangsulanipun Ki Sumaita.

"Lha nggih utusan, rak wonten lare ingkang purun yen dipun dhawuhi ta Ki?

"Ya, sesuk tak pikire dhisik, wah wis tekan, kapan - kapan ditutugake anggone omong-omong, ya dhi" ngaten ngendikanipun Ki Sumaita.

"O, inggih Ki, monggo sami makarya.

Lajeng sami pepisahan lan makarya wonten sabinipun piyambak-piyambak. Sareng srengenge sampun inggil Ki Sumaita mantuk, dumungi griya semahipun saweg ngopeni gogor wonten ngajeng griyo, wis kok wenehi wedang gula jawa nyi? empun mula niki kula pepe ben kena srengenge ngoten lo karep kula, wangsulanipun Nyi Sumaita, sasampunipn ngandhangaken lembu Ki Sumaita mlebet pakiwan siram, sareng sampun gantos ageman lajeng dhahar dipun tenggani semahipun.

"Pripun enak boten jangane lodheh? 'Ature Nyi Sumaita.

"Enak cocok lawuhe tempe." Wangsulanipun Ki Sumaita.

Nyi Sumaita mesem kaliyan nyingkiraken ajang lan ingkang sami reget, Ki Sumaita lajeng nuweni gogor ketingal sampun radi bregas.

Ing dinten Ngaad wanci tabuh sedasa, kula nuwun, ( Ngadilan putranipun Ki Sumaita) ingkang nothok kori, dereng ngantos medal putunipun mlajar nyelaki,

52

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta