Rahman Wirawan
Dina kuwi Ki Ageng budhal bali menyang desa Paker. Kanggo namur laku supaya ora kawistara, mula gawane dibuntel jarik banjur dipikul. Ing dalan sajroning mlaku bali menyang desa Paker Ki Ageng uga ngrasakake kesel awit mlaku ijen ora ana kancane. Mula ya kepingin leren, yen wengi mbokmenawa ana sing gelem dinunuti kanggo ngaso. Wis ana telung lawang nanging ora ana sing mbukakake. Bareng ndhodhog sing kaping papat, lagi gelem dinunuti kanggo nginep awit wis kewengen ing dalan. Saking senenge Ki Ageng banjur menehake salah sijine waluh mau supaya dipangan kanggo lawuh. Nanging ndaheba kagete bareng dibukak isine mas inten raja brana kang maneka warna. Nanging rumangsane wong sing nginep kuwi mesthi dudu wong sembarangan nganti menehi raja brana kang semono akehe. Sabanjure bubar disuguhi lan padha dhahar bebarengan Ki Ageng banjur mapan ngaso kepenak banget. Ya dhasar awak kesel. Ing wayah esuk sawise reresik awak lan tata-tata gawane, Ki Ageng banjur budhal nerusake laku kanthi ngaturake panuwun.
Lakune sajak kesusu awit daya-daya tekan ngomahe lan ketemu Nyi Ageng uga putra-putrane. Ora nganti wayah sore Ki Ageng wis tekan omahe lan dipethukkake kulawargane. Kaya ngapa senenge Nyi Ageng apa dene putra kekarone awit entuk oleh-oleh sandhangan kang sarwa endah.
“Nyi iki lho diparingi oleh-oleh saka Ki Prajaya lan tak kandhani ya kowe kabeh. Sajatine Ki Prajaya kae Sang Prabu Brawijaya, ya ratu ing Majaphit kang misuwur kae.” kandhane Ki Ageng. Sanalika Nyi Ageng lan putrane sakloron kaget ora ngira menawa Ki Prajaya kang saben-saben jagongan ing omahe tetela Sang Prabu kang kondhang saka Majapahit.
“Lha napa perlune dene sinuwun keraya-raya dumugi dhusun mriki ki Ageng?” pitakone Nyi Ageng isih sajak ora percaya.
“Ya … kuwi ora liya Sang Prabu ngupadi si Jakamangu ya manuk kutut klangenan ndalem sinuwun, mula layak yenkutut kae merbawani lan uga bisa marekake anggone mripatku wuta”, ngono celathune Ki Ageng. “Wis saiki ndang dibukak waluh paringane saka Sang Prabu”, ujare KI Ageng. Bareng dibukak, isine cindhe kang endah warnane kaya sing diagem para penggedhe ing kraton Majapahit. Nanging Ki Ageng banjur mikir terus bokor/waluh kang diwenehake wong kae isine apa dene katon luwih abot. “Wah yen ngono kliru aku amarga wis diweling Sang Prabu aja dibukak sadurunge tekan omah, malah tak wenehke wong liya”, ngono batine Ki Ageng.
“Ah … ya ora dadi ngapa. Saiki aku wis waluya lan bisa weruh padhange donya lantaran si Jakamangu, ya kutut klangenane Sang Prabu Brawijaya saka kraton Majapahit kang misuwur”, mangkono ujare Ki Ageng lirih. -@{{rh|50|||Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta