Ki Ageng Paker lan Ki Jaka Mangu
Sabanjure Sang Prabu ganti ageman ngrasuk busana kaya dene wong desa lan nylingker miyos lawang butulan supaya Ki Ageng Paker ora kaget menawa mangerteni. Tekan gapura, mendah senenge Ki Ageng kang weruh lakune Ki Prajaya saka kadohan, saya cedhak kekarone banjur gapyuk rerangkulan.
“Adhi Prajaya …”
“Kakang Paker …”
“Piye dhi … kahananmu sasuwene iki?” pitakone Ki Ageng.
“Pangestumu … kakang … apik wae", wangsulane Ki Prajaya. Kaya ngapa kagete para prajurit kang meruhi kahanan kaya mangkono, dene ana pawongan kang katone wis kulina malah ora basa marang Sang Prabu.
“Banjur omahmu kuwi ngendi dene neng kene ana omah kang apik banget kaya ngene, malah platarane uga jembar”, ujare Ki Ageng. Kanthi sareh Ki Prajaya banjur ngandika, "Ya iki kakang omahku. Kaya mengkene kang aran Kraton Majapahit, lan jejulukku Prabu Brawijaya”.
Kaya dilolosi otot bebayune, Ki Ageng Paker ndheprok karo ngaturake sembah. “Nyuwun pangapunten Sang Prabu dene kula wantun nungkak krama kaliyan Pajenengan Sang Prabu sembahan kula”, ature Ki Ageng karo tumungkul.
“Mangga kakang, becike tindak mlebu wae, ora apik ana tamu kok ditemoni ing gapura”, ngendikane Sang Prabu.
“Mangga sinuwun kula dherekaken ”, wangsulane Ki Ageng. Sang Prabu banjur njujug gandhok sisih kulon kang kasediyakake kanggo tamune pribadi.
“Kakang aja jiguh-pakewuh ana kene. Awake dhewe tetep kaya rikala ketemu mbiyen, kajaba yen pinuju pisowanan kakang arep basa karo aku ora dadi ngapa. Nanging yen saliyane pisowanan ora perlu basan-binasan”, pangandikane Sang Prabu.
Udakara sesasi Ki Ageng Paker ana ing kraton Majapahit. Saya suwe ora kepenak awit Ki Ageng ora kulina urip ana ing suasana kaya mengkono. Sejatine Sang Prabu isih nggondeli nanging kepriye maneh, sanajan kanthi awrating penggalih Sang Prabu ngeparengake yen Ki Ageng arep nyuwun pamit.
“Kakang aku ora bisa nggondeli yen kakang arep kondur menyang desa Paker. Aku mung bisa nyangoni waluh loro pinangka atur panuwunku marang kakang, lan kanggo oleh-oleh Nyi Ageng sarta putra-putramu. Nanging piwelingku aja nganti dibukak yen durung tekan ndalem”, mangkono ngendikane Sang Prabu.
“Matur nuwun sanget Dhi. Muga-muga anggone paseduluran awake dhewe ora mung tekan semene”, ujare Ki Ageng kanthi sumedhot.
“Tak estokake kakang dhawuhmu lan aku uga tansah ngopeni Jakamangu kanthi kanthi becik, awit kutut kuwi kejaba dadi klangenanku uga kang ndadekake awake dhewe anggone paseduluran”, ature Sang Prabu.
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
47