Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rahman Wirawan

lan muga-muga bisa krasan ana ing panggonan kang anyar”, welinge Ki Ageng.

“Ya, Kakang. Pangestumu tak suwun, lan yen kakang arep tindak menyang gubugku sinambi nglaras swara kutut. Kakang ora perlu bingung menawa arep nggoleki omahku. Si Buntung tak tinggal kene, mengko dheweke bisa nuduhake dalan tumuju omahku, Kakang”, ujare Ki Prajaya.

Kanthi diuntapake Ki Ageng sabrayat, Ki Prajaya banjur budhal bali menyang ngomahe. Sapungkure Ki Prajaya kaya ngapa kagete Ki Ageng, Nyi Ageng apa dene anake sakloron. Isi kanthong iku ora liya dhuwit saka perak lan sawetara saka emas. Kaya ngapa bungahe Ki Ageng sa-anak bojo.

Wektu terus lumaku, ora krasa wis satus dina kapungkur Ki Prajaya ninggalake desa Paker. Rasa kangen marang Ki Prajaya wiwit tuwuh, ora lali uga marang swarane kutut kang wis tau diopeni sawetara wektu.

“Nyi, yen aku arep menyang omahe Adhi Prajaya, piye ya? Awit manut petungan dheweke mesthi wis tekan omahe”, celathune Ki Ageng sawijining dina.

“Kula nggih sarujuk. Rasane nggih pun sawetara dangu anggene nilar dhusun mriki, njenengan rak saged nganthi si Buntung kajaba kangge kanca lan nuduhke mergine”, wangsulane Nyi Ageng.

“Ya wis yen ngono sesuk esuk dak mangkat karo Belang”, ujare Ki Ageng.

Dina candhake wayah esuk sadurunge srengenge mlethek Ki Ageng wis budhal kanthi nuntun Belang lan anggawa sawetara sangu lan sandhangan sacukupe. Lakune mengetan terus ngliwati alas gedhe kang isih akeh kewan galak, uga munggah gunung mudhun jurang ngliwati dalan-dalan kang isih rumpil. Ora krasa, lakune tekan panggonan kang jembar kang kasebut alun-alun, lakune Ki Ageng rada kandheg marga sejatine dheweke wedi. Nanging si Buntung tetep nggeret wae. Tekan sacedhaking gapura Ki Ageng dicegat dening prajurit kang njaga.

“Mandheg dhisik, Ki Sanak, kowe iki sapa lan banjur arep ngapa dene kumawani arep mlebu ing kraton kene?” pitakone prajurit kang jaga gapura.

“Nuwun sewu Ki Sanak, kula menika Ki Ageng Paker, badhe kepanggih Ki Prajaya, nggih sedherek kula”, wangsulane Ki Ageng karo nyembah. Nalika dheweke nyembah, rante kang ana Ki Ageng ucul mula si Buntung enggal mlayu ing sajroning kedhaton.

Kocapa ing jero kedhaton nembe mirengake anggunge si Jakamangu, ya kutut kang tau ucul lan saiki wis diasta kondur Sang Prabu kang ora liya Ki Prajaya iku. Dumadakan si Buntung mlayu lan banjur nubruk sampeyane Sang Prabu, awit wis sawatara wektu ora ketemu, mbokmenawa kangen karo ndarane.

“Kakang Paker mesthi tekan kraton kene, ketara si Buntung uga bali tekan Majapahit”, ngendikane Sang Prabu ing batin. Sang Prabu banjur nimbali prajurit lan ngendika supaya supaya ngendheg pawongan kang teka karo si Buntung.



48

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta