Ki Ageng Paker lan Ki Jaka Mangu
Kekarone banjur padha nyaritakake kahanan ing desane uga tukar kawruh babagan urip nganti gayeng awit antarane Ki Ageng lan Ki Prajaya pancen ora adoh umur-umurane nanging isih sabarakan. Mula Ki Ageng yen nyebut Ki Prajaya kanthi sesebutan adhi. Sanajan ketemu ya lagi sapisan, nanging ora basan-binasan.
“Lha … kaya aku rak ya klebu wong sing begja kemayangan, ta Dhi”, celathune Ki Ageng.
“Begja kemayangan piye, Kakang?” wangsulane Ki Prajaya.
“Rikala semana aku rak ora bisa nyawang padhanging srengenge. Kok mbareng aku duwe kutut iki, saka kersane Ingkang Maha Maha Kuwasa, lantaran kutut kuwi aku banjur bisa weruh padhanging hawa. Kamangka manuk kuwi teka
dhewe rene, banjur mencok ing pundhakku. Terus tak cekel lan tak openi tekane saiki kuwi”, mangkono caritane Ki Ageng.
“Wah … wah yen ngono manuk kutut kuwi, ya ora manuk sebaene ya Kakang? Satemene aku ya kepingin ngopeni kutut iku ning yen kakang pareng, utawa tak ijolane dhuwit pira kang dikersakake kakang?” ujare Ki Prajaya.
Ki Ageng meneng sadhela awit ora ngira manawa Ki Prajaya kepingin ngopeni kewan kang wis bisa ngusadani mripate.
“Mengkene wae, Dhi. Yen sliramu kepingin mirengke swarane, bisa sawayah-wayah mampir ing gubugku kene sinambi ngraketake anggone kita paseduluran”, wangsulane Ki Ageng.
Ki Prajaya uga sarujuk banjur kekarone nerusake anggone jagongan nganti ora krasa manawa srengenge wis ngglewang mangulon. Mula Ki Prajaya banjur pamit yen arep bali menyang omahe, ing liya dina bakal mampir maneh.
“Ya … Dhi, sing ngati-ati muga-muga kaparingan keslametan”.
“Matur nuwun kakang”, wangsulane Ki Prajaya karo nuntun si Buntung kang tansah dikanthi menyang ngendi wae.
Mangkono sabanjure saben sepasar sepisan Ki Prajaya mesthi mampir ana omahe Ki Ageng, lan yen pamitan mesthi nyedhaki kutut lan metheti. Ki Ageng Paker tansah maspadakake, katone antarane Ki Prajaya karo manuk kutut ana sesambungan batin kang wis rapet.
Ora kaya adat sabene, esuk kuwi Ki Prajaya menyang omahe Ki Ageng nganthi sawetara gawan wujud kanfhong. Sawise bage-binage kaya adate, Ki Prajaya banjur celathu menawa arep kepengin ngopeni kutut lan bakal diijoli dhuwit kang wis digawa. Senajan abot rasane amarga wis kebacut tresna marang kutute, nanging uga ora mentala marang Ki Prajaya kang katon adreng arep ngingu kutut kuwi.
“Ya, Adhi Prajaya. Yen sliramu pancen duwe karep mengkono, senajan abot nanging kepriye maneh, ya welingku wae openana kanthi becik lan ati-ati
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
47