Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ki Ageng Paker lan Ki Jaka Mangu

supaya ngupakara kutut kanthi menehi pakan, omben uga ngresiki kurungan. Awit sanajan mung kewan nanging yen dirumat kanthi kebak asih mesthi bakal lulut uga niteni marang sing duwe. Ki Ageng Paker uga asring metheti kutut kuwi karo nirokake anggunge. Yen wis mengkono manuk iku terus kekablak sajake rumangsa diajak guneman.

Miturut crita wong Jawa manuk kutut iku bisa nggawa kabegjan marang wong kang ngingu nanging uga bisa nggawe cilaka tumrap sapa wae kang ngopeni. Awit saka kersane Kang Maha Kuwasa kutut si Jakamangu menehi kabegjan marang Ki Ageng Paker, amarga dheweke sak liyane tansah asih marang sapa wae kalebu karo kewan lan tetuwuhan. Kanthi lantaran Jakamangu kang kerep kekablak/kekebet ing sacedhake Ki Ageng yen pinuju metheti, mbaka sethithik mripate Ki Ageng bisa kanggo mriksani maneh. Kaya ngapa bungahe atine Ki Ageng Parker. Pranyata si Jakamangu pancen duwe katuranggan apik, wulu kang resik saengga nggawe senenge wong kang nyawang, kalebu Ki Ageng Paker kang saiki wis saged mriksani manuk/kutute kang aran Jakamangu. Mula dheweke tambah tresna lan gumati marang ingon-ingone mau.

Kadadeyan kang kaya mengkono mesthi dadi pocapan utawa kembang lambene wong ing desa Paker sakiwa-tengene lan uga sumebar nganti tlatah liya, klebu tekan Majaphit yaiku kraton asale si Jakamangu. Mesthi wae pawarta kepireng dening Prabu Brawijaya. Sawise, mireng lan uga pirsa ancer-ancere desa Paker yaiku desa kang klebu alas Mentaok iring kidul lan sak loring pesisir Segara Kidul, mula saka iku Sang Prabu sedya ngupadi panggonane Jakamangu.

Ana dina kang wis ditemtokake, Sang Prabu pamit marang ingkang garwa uga marang kabeh punggawa kraton Majapahit tumuli budhal kanthi ngaturake donga marang Ingkang Maha Kuwasa supaya ing dalan tansah kaparingan karahayon lan bisa kasil anggone ngupadi apa kang dadi jangka-panjangkane. Ora keri uga ngasta sawetara sangu amarga bakal mbutuhake wektu kang suwe lan durung karuan kapan anggone bakal kondur ing Majapahit.

Supaya tindake Sang Prabu bisa rancag lan ora marakake cubriya marang sapa wae mula Sang Prabu arep tindak piyambakan kanthi pangagem kaya dene wong ndesa namung nganthi segawon kanggo kanca ing sajroning ngupadi Jakamangu.

Tindake Sang Prabu terus mengulon kaya pawarta kang wis sumebar menawa anane Ki Ageng Paker iku ing sacedhake alas Mentaok. Ing sajroning lumaku nylamur laku, Sang Prabu ganti asma kanthi sesebutan Ki Prajaya. Sawise sawetara wektu anggone mlaku mlebu-metu alas gung liwang-liwung uga munggah mudhun jurang, ora krasa lakune wis tekan sapinggiring alas Mentaok sisih wetan, rikala samana alas iku isih katon wingit merga wit-witan gedhe isih akeh lan uga sato-kewan kang mbebayani tumrap sapa wae kang wani mlebu ing



Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

45