Rahman Wirawan
"Ketiwasan sinuwun, peksi klangenan dalem mboten wonten".
"Ilang apa piye?"
"Inggih… sinuwun, nanging… elokipun sengkeranipun mboten bikak sinuwun", ature kang abdi kanthi tumungkul amarga wedi yen kedukan.
Nanging Prabu Brawijaya ratu ingkang wicaksana, landhep ing panggalihe lan tanggap ing sasmita.
"Aku pancen wis duwe panggraita manawa si Jakamangu ilang, amarga mau bengi aku ngimpi. Ing sajroning pangimpen, aku ketemu karo wong tuwa kang pamit karo aku manawa arep lunga adoh golek papan sing samengko bakal dadi kutha kang gemah-ripah tata raharja. Mula ya… Paman, aku ora arep duka marang kowe, nanging mengko ing wayah sing wis tak temtokake. Aku arep nggoleki dhewe si Jakamangu, nganti ketemu lan arep tak ampil kondur mlebu maneh ing kedhaton kene", mangkono ngandikane Sang Prabu.
"Kasinggihan, Sinuwun. Mugi samangke Sinuwun saged ngasta kondur pun Jakamangu, lan kula saged ngrumat malih", mangkono ature abdi dalem mau.
Ana ing papan liya, ing sawijining desa iring kidul alas Mentaok sacedhaking pesisir segara kidul, ana saperangan kulawarga kang manggon ing desa kono. Salah sijine pawongan kang diangkat minangka sesepuh, yaiku kang aran Ki Ageng Paker. Satemene Ki Ageng iku nandhang cacat wuta, nanging marga dheweke kerep paring piwulang marang sapa wae babagan maknaning urip kang kudu manembah marang Ingkang Maha Agung, uga mulangake wewarah tansah asih marang sapa wae. Wayah esuk sawise semedi Ki Ageng mireng suwarane manuk kutut kang anggunge, thuthukane genep tur merbawani.
Alon-alon Ki Ageng metu saka sanggar banjur nimbali Nyi Ageng lan putra kakunge, "Nyi apa kowe krungu suwara anggunge kutut? Kok apik banget ki njur neng ngendi panggonane lan duweke sapa?"
"Nggih mireng, ning kula nggih mboten ngertos gadhahane sinten, nek kadose teng wit-witan mriku mawon kok", semaure Nyi Ageng. "Kadose teng wit ranndhu alas sisih kidul rika, Bapa", ature ingkang putra.
Sawise priksa manawa kutut mencok ana wit randhu alas, Ki Ageng banjur metu neng latar tumuli lenggah lan donga marang Ingkang Maha Kuwasa supaya dikeparengake ngupakara kutut kasebut. Amarga Ki Ageng kalebu wong kang gentur tapane saengga Kang Maha Kuwasa ngijabahi apa kang dikersakake.
Manuk kutut cumlorot mudhun mencok ing pundhake Ki Ageng. Kanthi ngati- ati kutut kacandhak lan banjur kaparingake putrane supaya dilebokake kurungan.
Kaya ngapa seneng atine Ki Ageng amarga saben esuk sawise semedi banjur mirengake kagungane kutut kang tansah manggung, sinambi ngadhep wedang sere panas gulane jawa lan sawetara pacitan. Ora lali putrane uga tansah dielingke44
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta