Pardi Suratno
nampa wangsit. Dene ujaring swara wangsit mau mangkene, "Desa Ngara-ara, Sayegan, lan kiwa tengene iki bakal uwal saka pageblug. Ananging ana telung prakara kang kudu ditindakake dening brayat kabeh. Sepisan, brayat kene perlu ngunjukake rasa sokur utawa panarima marang ulu wetuning bumi ing saben taune, kang diarani bersih desa. Kapindhone, brayatku kudu netepi laku utama, aja tumindak daksiya marang sapapadhaning wong. Kang pungkasan, brayatku kabeh kudu nglakoni ngibadah marang Gusti Allah." Sawise unjal ambegan, Ki Tunggulwana mbacutake wewarahe, "Iki uga wigati. Dakjaluk brayatku kabeh, tuwa-enom, lanang-wadon padha mbuwanga sene ana sangisore wit waringin kang ana ing pinggir desa kae."
Wong-wong padha nindakake dhawuhe Ki Tunggulwana. Wiwit wektu iku kabeh wong mbuwang sene utawa nguyuh ing sangisoring wit waringin gedhe ing njaban desa. Eloking lelakon, nalika esuk umun-umun akeh wong alok. Ana sendhang loro cacahe ing sacedake wit waringin mau. Dene sendhang kang banyune akeh diarani sendhang lanang mapane ing sisih elor. Sijine kang tuke lan banyune rada sethithik dijenengi sendhang wadon kang prenahe ana sisih kidul. Brayat ing Ngara-ara lan Sayegan nggumun meruhi ana sendhang tiban dadakan. Ki Sura lan Ki Naya matur marang Ki Tunggulwana, "Ki, punapa sendhang niki wonten gayutanipun kaliyan pawongan ingkang dipunpejahi dening Jaga Kasusra sakancanipun kala emben?" Wangsulan Ki Tunggul, "Manut penemuku pancen mangkono. Nanging sing baku brayat kene wis antuk sumbering banyu." Ki Naya nyelani atur, "Ki Tunggul, lajeng keparingipun sendhang menika badhe dipuntengeri sendhang menapa? Sawise unjal ambegan sawetara, Ki Tunggulwana wangsulan. "Iya, sendhang iki mapan ing sangisore wit waringin kang wis tuwa umure. Kulite wit waringin wis padha nglothok utawa nglingkap. Mula seksenana sendhang iki takwenehi jeneng Sendhang Klangkapan. Desa iku uga dakwenehi tetenger Desa Klangkapan. Tembung klangkapan dakjupuk saka kulite wit waringin kang wis nglingkap (nglothok) amarga saka wis banget tuwa umure."
Brayat ing Desa Klangkapan padha seneng awit wis uwal saka panandhang. Kabeh urip bebrayan kanthi welas asih, tulung-tinulung, ora kekurangan sandhang lan pangan. Wong-wong ing desa mau padha sengkut anggone tetanen. Ora lali ngibadah marang Gusti Allah. Ki Tunggulwana disuwun wargane tetep dadi sesepuhing desa. Ora kendhat Ki Tunggulwana tansah ngelingake supaya kabeh wong tulung-tinulung, ora kena daksiya marang liyan. Kepara tumindak becik welas asih lan andhap asor marang liyan. ***
42
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta