Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sendang Klangkapan

enggal pikantuk usada, tamtu sedaya badhe kecelan rajakayanipun. Pramila, kados pundi pamanggih Panjenengan?“ mengkono ature Ki Sura. Kanthi pasuryan sedih marang kawulane, Ki Tunggulwana alon ngendhikane, “Bener, iki pageblug jalaran tumindake Jagal Kasusra anggone mateni pawongan kang tanpa dosa. Saiki mengkene wae, prentahna marang warga kang duwe kewan supaya ngguyang kewane ing kali gedhe njaba desa kae. Aja lali kewan-kewan mau dikosoki nganggo godhong sambilata. Wis cepet byawarakna marang warga kabeh! Aja kasuwen!“

Ki Sura sakanca cepet njaluk pamit. Dhawuhe Ki Tunggul wis ditekakake marang warga desa. Ing wektu kang ora suwe kabeh warga nggawa kewane menyang kali gedhe ing pinggiring desa. Nanging saeba kagete. Kali kang sakawit banyune bening lan gedhe iline iku dumadakan asat. Wong-wong padha bingung.

Ki Tunggulwana wis ngira bakal ada kedaden kang aneh. Mula banjur nututi wong-wong mau menyang pinggiring kali. Ing batin was sumelang kabal ana kahanan apa maneh. Kajaba iku mesakake marang raja kayane brayat padhukuhan kang nandhang lara lumpuh lan gudhigen. Ki Sura nyedhaki Ki Tunggulwana, “Ki, kedadosan menika nggegirisi. Kula pitados pageblug menika wonten sambetipun kaliyan tumindakipun Jagal Kasusra sakancanipun.“ Kanthi sareh Ki Tunggul ngendhika, “Bener, kandhamu. Kabar kang daktampa, biyen ing Desa Tempel uga tau ana kedadean kaya mangkene iki. Kala samana ana wong neka njaluk ngombe. Nanging brayat ing Desa Tempel kepara daksiya. Pawongan mau dipilara nganti tekan patine. Ora let suwe, Desa Tempel uga ketaman pageblug.“

Dumadakan Ki Naya sumela atur, “Ki Tunggul, menawi mekaten, priyantun ingkang pejah kala emben menika wali ingkang nylamur lampah?“ Sabanjure Ki Sura matur marang Ki Tunggulwana, “Punapa priyantun rumiyin menika Kanjeng Sunan Kalijaga, Ki?“ Kanthi pasuryan kang tumungkul awit ngrasakake sedihing ati jalaran panandhanging brayate, Ki Tunggulwana mangsuli, “Aku ora bisa mestekake. Sapa pawongan mau. Uga ora wani nemtokake pawongan iku Kanjeng Sunan Kalijaga kang nyamudana laku. Nanging aku percaya, pawongan iku dudu wong lumrah.“ Krungu wangsulane Ki Tunggulwana, kabeh brayat Ngara-ara sangsaya tambah getune. Getun dene wis tumindak daksiya tanpa deduga lan prayoga.

Ora let suwe akeh wong cluluk yen Ki Tunggulwana lunga tanpa cecala. Kabeh padha ribet lan bingung. Pancen sawetara dina Ki Tunggulwana tetirah semedi. Brayat kono ora ngerti papan dununge. Udakara pitung dina, Ki Tunggulwana kondhur. Baline Ki Tunggul gawe bungahing para warga Ngara-ara lan Sayegan. Mula akeh pinisepuh desa kang banjur sowan menyang dhaleme Ki Tunggulwana. Ing sangareping brayate, Ki Tunggulwana ngendhika, “Sedulur kabeh, mangertiya, sawetara dina aku tetirah nyuwun marang kamurahaning Gusti Allah, muga ora kleru panampaku, sawijining wektu wayah tabuh loro bengi, aku


Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

41