Sendang Klangkapan
kalawan para sesepuh padukuhan. Dene warga kang klebu enom-enom nglumpul ana njaba padha andrawina suka parisuka.
Dilalah kersaning Allah, lagi nedheng-nedhenge para warga pedhukuhan mangan enak andrawina, tanpa dimangerteni sangkan parane, ing papan iku katekan pawongan loro. Lanang karo wadon. Kekarone nyandhang pating sruwal, suwek arang kranjang, kepara reged anggegilani. Pawongan kang lagi teka mau nandhang lara kang padha. Awake pating benyinyih kaya kudhisen kang kasep. Mulane ambu lan gandhane amis gawe jigreke kang padha kembul andrawina. Mula saka itu, warga kang suka parisuka sajak muntab atine rumangsa keganggu anggone mangan andrawina. Tanpa tidha-tidha, ana sawetara pawongan kang nyedhaki pawongan loro kang padha neka tanpa cecala mau.
Salah sawijing brayat Ngara-ara kang kondhang brangasan aran Jagal Kasusra. Pawongane gedhe dhuwur pakulitane ireng. Yen lagi nesu mripate katon abang branang, ngemu watak wengis. Kanthi swara kasar, Jagal Kasusra mbengok, "He, pawongan elek lan nggegilani. Mripatmu rak ya ngerti warga desa lagi suka parisuka mangan andrawina. Gandhamu anggegilani gawe cuwane sedulur kabeh. Ayo, cepet minggata saka papan kene!" Durung rampung Jagal Kasusra ngucap, kanca-kancane padha saur manuk, "Dikon minggat wae. Dilarak metu saka desa kene wae. Jan, ambune anggegilani." Ewadene pawongan loro mau tetep ngadheg jejer kanthi ulat dhingkluk. Kekarone sajak isin lan wirang. Kanthi prasaja wong lanang kang prasasat kaya wong lara owah mau kandha, "Ki sanak, nyuwun pangapunten, sampun pinten-pinten dinten kula mboten nedha. Mugi wonten keparengipun, kula nyuwun tedha sakedhik kemawon. Sasampunipun kaparingan tedha, kula badhe enggal mbacutaken lampah ngetutake kareping suku lan enering pikiran kula kekalih."
Ature pawongan loro mau ora direwes dening Jagal Kasusra sakancane. Dheweke wis lali marang wewarahe Ki Tunggulwana. "He, pawongan elek, cepet lunga. Lamun, ora gelem lunga, nyawamu bakal ilang ing papan iki." Jagal Kasusra sakancane banget anggone daksiya. Ana kang sumambung gunem, "Dipateni wae. Dipilara dhisik." Antuk pambujuke kanca-kancane kang brangasan, Jagal Kasusra tambah nesune. Pawongan loro mau dipilara sageleme. Kabeh kang padha milara dadi kaget bareng kekarone wis ilang nyawane. Kahanan ing papan kono dadi tintrim amarga ana rajapati. Kabeh rame pating bengok gawe kagete Ki Tunggulwana kang lagi lungguhan karo sesepuh padhukuhan liyane.
Rindhik asu digitik. Ki Tunggulwana gage metu nyedhaki kang lagi tiwas. Sanalika kejot penggalihe, sawetara wektu tan bisa ngucap. Bareng wis rada sareh, Ki Tunggulwana kandha, "We lah, iki kedadean apa? Kowe mau wis dakweling becik-becik. Aku wis weling aja tumindak daksiya marang liyan. Hem, kahanan kok kaya mengkene. Kowe, Jagal Kasusra, ora mari anggonmu tumindak
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
39