Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Pardi Suratno

Wong-wong ing laladan mau uripe saya kepenak. Anggone nenandur asile becik. Mula ana saperangan warga kepengin ngadani bersih desa minangka tandha panarima marang kamurahaning Gusti Allah. Kekarepan mau enggal diaturake marang Ki Tunggulwana minangka tetuwane desa. “Kula nuwun, Ki. Mugi sowan kula mboten damel cuwanipun Ki Tunggulwana. Dene wosing sowan kula, minangka utusanipun para warga, sedaya nyuwun Ki Tunggulwana ngadani bersih desa meningka tandha panarima marang Gusti Ingkang Murbeng Jagad sesambetan pemetunipun among tani ingkang saya sae. Kados pundi pamanggihipun Ki Tunggulwana?“ Mengkono ature salah sawijining warga. Dene bot-bote dituwake, Ki Tunggulwana meneng sedhela. Banjur unjal ambegan, ora suwe aweh wangsulan. “Iku panemu kang prayoga. Aku sarujuk banget. Kepara wis suwe aku duwe panemu kang kaya mangkono. Mula kandhakna marang kabeh pawongan, bersih desa mau bakal diadani mbesuk ing dina Anggara Kasih, mapan ing omahku kene. Aja lali, kabeh ubarampe mengko enggal dirembug sing becik.“ Sawise antuk wangsulan saka Ki Tunggulwana kabeh warga padha sengkut nyawisake kaperluane bersih desa iku. Ana kang pasok panganan, woh-wohan, lan sapanunggalane kanggo bersih desa mau.
Gancaring carita, ing dina Anggara Kasih tabuh sanga esuk, kabeh warga Ngara-ara gedhe-cilik, enom-tuwa, lanang-wadon ngumpul ana omahe Ki Tunggulwana. Mula saka itu, maneka warna panganan cumawis. Kepara turah awit saka suka lan rilane warga kabeh. Kajaba iku maneka warna panganan mau mujudake rasa sukur lan panarima wong-wong ing desa Ngara-ara awit kamurahaning Gusti Allah lumantar wetuning tetanen kang mundhak suwe saya akeh. Kena ingaranan desa mau gemah ripah, murah sandhang lan pangan. Kabeh mau ora liwat uga lantaran kawicaksanane Ki Tunggulwana anggone mranata wargane. Nalikane para warga wis padha mlumpuk, Ki Tunggulwana paring andharan gegayutan karo wangsit kang wis ditampa udakara limang candra kepungkur. Kanthi cetha Ki Tunggulwana ngendhika, “Sedulur kabeh, ngertenana, udakara limang candra kepungkur aku antuk wangsiting Gusti Allah Kang Akarya Jagad. Lumantar swara tanpa rupa, ujaring wangsit mangkene. Besuk desa kene bakal dadi papan reja. Wargane saya tambah akeh. Nanging, poma-dipoma aja nganti lali. Welingen anak putumu kabeh. Sepisan, aja nganti kendhat anggota manembah marang Gusti Allah. Kapindho, lamun mbesuke ana anak turune brayat kene kang cekel panguwasa aja nduweni watak kumingsun, adigang, adigung, lan adiguna. Kaping telune, kabeh brayat kudu rukun lan tulung-tinulung. Gegandhengan kabeh wis cumawis, kowe kabeh kena suka parisuka, kembul andrawina.“ Kang padha ngrungokake kabeh saur manuk, "Inggih, Ki. Inggih, Ki. Matur nuwun awit wewarahipun mugi saged dipuneling lan dipuntetepi sedaya brayat.“ Sarampunge paring wewarah, Ki Tunggulwana mlebu ing omah pandhapa kumpul


38

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta