Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sendhang Klangkapan
Pardi Suratno, M.Hum.

Ujaring bakul sinambi wara, jaman mbiyen laladan Godean isih bawera. Isih rupa alas. Nalika iku durung akeh pawongan kang mapan ing tlatah tanah Jawa sisih kidul, klebu ing tlatah Godean. Laladan Godean apadene Sayegan isih mujudake alas kang wingit. Akeh kewan galak ing alas kono. Amarga isih mujudake alas kang wingit, tlatah iku diarani Ngara-ara kang ateges alas. Jaman samana isih klebu jamane para wali. Suwening suwe saya akeh pawongan kang manggon ing tlatah Ngara-ara mau. Wong-wong kang padha neneka ing kono mbudidaya mbukak alas saperlu kanggo padesan lan pasawahan. Para warga padha saiyeg saeka praya anggone nyambut gawe kanggo nyukupi pangan kulawarga ing saben dinane. Nalika semana kang dadi sesepuhe Ngara-ara aran Ki Tunggulwana.

Wong-wong ing desa Ngara-ara rumangsa seneng uripe. Pategalan dan pasawahane wis bisa nyukupi kabutuhan brayate. Mulane Ki Tunggulwana saya moncer asmane. Sinuyudan dening warga kabeh. Ki Tunggulwana pancen pawongan kang wicaksana, sregep nyambut gawe lan seneng tetulung marang sepadha-padha. Ora kendhat Ki Tunggulwana tansah menggalihake kepriye amrih warga ing laladan Ngara-ara saya becik uripe. Kajabane sregep nyambut gawe, Ki Tunggulwana uga seneng sesirih ing papan kang sepi saperlu dedonga marang Gusti Allah. Kabeh mau kanggo kamulyane warga ing tlatah Ngara-ara. Wis dadi garising kodrat, ing sawijing bengi, nalika Ki Tunggulwana semedi rumangsa ana swara ngemu wewarah. Ujaring swara ngandharake sarat-sarate wong Ngara-ara anggayuh marang kamulyaning nganti tekan anak-putu mbesuke. Ujaring wangsit dadi penggalihane Ki Tunggulwana. Dina wis gumanti sasi, ujaring wangsit isih sinimpen dening Ki Tunggulwana, durung kababar marang sapa wae.


Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

37