Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rahayu

Sanadyan katone nggegirisi, ananging watu kang tumancep ana ing pucuking Gunung Mbecari kang ora liya uga watu kang tumiba saka potholane pucuking Gunung Merapi sejatine mono kerep bisa gawe pangeling-eling dening para manungsa supaya bisa tumindak kang luwih becik ana ing wektu-wektu candhake. Kabeh carita kang ana sambung rapete karo watu Gunung Mbecari mesti bisa kanggo piwulang marang para manungsa, lan anehe para manungsa uga banjur sadar lan bali menyang paugeran yen wus diajar kahanan kang didunungake lewat watu Gunung Mbecari. -@

36

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta