Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Komaruddin

Jroning pangimpen weruh bocah dolanan neng ngisor wit randhu. Dilalah pas usum. Wite ndadi ra karuwan. Bocah iku nggulung-nggulung. Badan sekojur kebak kapuk nganti-nganti ra nganggo klambi wae kabeh ra ketok
“Apa iki sing diarani wangsit saka Gusti Kang Maha Murah, supaya aku nindakake kaya bocah iku. Apa alane yen tak coba “, gronjale batine.
Sabisa-bisa ayahane bapakne uga dirampungi. Menyang sawah, endhang- endhang tanduran. Mulih saka sawah nyawang bocah-bocah padha nunggang bandulan. Kaya-kaya entuk gambaran, kuwi sing bisa ngluwari bapakne saka pandakwane sang raja. Ora nunggang ning ya ora mlaku. Wis cetha sing kudu ditindakake, mula lakune digelak. Daya-daya kepengin selak ngluwari bapakne, uga selak kangen. Wis suwe ora ketemu bapakne, ora ditunggoni bapakne.
Tekan ngomah, tandange kaya kitiran. Mubeng kene nandangi iki. Mlayu rana ngayahi kana.
Omah wis katon temata. Sawah wis bisa dirampungi, mula enggal cepak-cepak kepreluan sing kanggo ngluwari bapakne. Kapuk sacukupe. Uga tali sing bakal kanggo nggantung awake ing wetenging jaran.
“ Lik-lik napa dene siwa-siwa, kula badhe ngluwari bapak saking pandakwane sang raja“.
“ Carane?“ semaure tangga teparone meh bareng.
Bocah kang pancen duwe keluwihan nalar iku nyritakake bebanane sang raja sarta impene kanthi gamblang lan wijang. Wong-wong kono percaya wae apa kang bakal dilakoni bocah kang wis tanpa ibu iku.
Sawise adus resik, banjur awake diubel-ubel kapuk nganti badan sekojur.
“Nyuwun tulung niki mangke awak kula mang gandhulke teng weteng jaran niki!“
Cekat ceket anggone padha tumandang gawe, ngewangi kembang desa iku. Kanthi ditutke saperangan pedunung ing desa Kedhondhong, Sutimah tumuju kraton, enggal kepengin ngluwari bapakne..
Ora ana sing kumecap turut dalan. Sajake kabeh padha ngewangi ndedonga ing ngersaning Gusti supaya kabeh padha slamet.
Amarga kabeh kepengin ndang rampung, mula sedhela wae wis tekan ngarep kraton. Deninng sing tumbuk kemit enggal dilarapke menyang ngarsane Sang Prabu.
“ Kowe sowan maneh, ngapa awakmu sira ubel-ubel kapuk, kaya mengkono, mengku karep kepiye? “
" Rumuyin sang prabu dhawuh supados kula sowan boten mawi rasukan nanging ugi boten pareng wuda. Mila badan kula, kula blebet mawi kapuk "


28

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta