Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kenya Kebak Reka

“Bakal ingsun buktekake. Anakmu entuk ingsun timbali?“

Sang raja banjur dhawuh, nimbali Sutimah.

“ Wonten dhawuh menapa, Gusti ?“

Sang raja kang pancen durung nambut silaning akrami iku rumangsa kepranan marang kenya senajan papan dununge ana desa. Nyritakke apa kang nemahi bapakne.

“ Ingsun arsa ngluwari bapakmu menawa sira bisa netepi bebananingsun “

“ Lajeng menapa bebana Paduka, Gusti ? “

“ Sira menawa sowan rene ora kena wuda mbledreng, nanging uga ora kena klamben. Sira ora kena mlaku nanging uga ora ingsun parengake nunggang jaran ! “

“ Menika bebana Paduka. Kula sagahi! “

“ Aja kesuwen. Selak mesakke bapakmu!“

“ Sendika dhawuh, Gusti “

Sutimah madal pasilan kanthi ora lali nyembah. Sang raja nampa sembahe kenya iku kanthi kebak kembang ing telenging ati. Kena digambarake atining Sang raja ing nalika iku kaya dene taman kebak kembang kang lagia megar bebarengan. Katon asri yen dinulu. Kupu-kupu pating sliwer, pating bleber. Kaya dene tetunggangan ing dina bakda.

Beda sing dirasakke sang raja, beda sing dirasakke kawula. Menawa ing atine sang raja tuwuh taman kang endah, si kawula pindha ngrasakake peteng dhedhet lelimengan pindha bangun kasaput lebu. Mripat batine lagiya kecoblong mikir anggone saguh ngluwari bapakne saka pandakwane sang raja. Ananging kepiyea wae menawa wis saguh, kudu dileksanani.

Ati buneg, pikir judheg njalari si bocah iku ora bisa ngresepi sesawangan kang endah. Ing dina iku sesawangan kang endah katon surem. Padhanging surya tan bisa madhangi petenging ati

Lakune dicepetake. Upamaa bisa cepeting lampah pindha lepasing warastra saka gendewa.

Tekan ngomah ngrasakke kemba. Adate karo bapakne. Isine omah mung wong loro. Gek saiki sing siji ora entuk mulih. Mula awakke banjur dibanting ana ngamben. .Mripate tanpa kedhep namatke ndhuwur, kaya-kaya kepengin ngetung usuk. Direm-remna tetep ora bisa turu. Bawane bocah utama, tansah bekti marang wong tuwa, mula salaku jantrane tansah jinangkung dening Kang Maha Kuwasa. Kang binudi dadi, kang sinedya nyata.

Amarga saka keseling awak lan uga kuranging turu, sidane awake isa tumuju pulau kapuk, turu ra ketang mung saleran nanging bisa gawe segering raga.


Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

27