Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kenya Rebak Reka

boyok. Dhasar weteng wareg, awak kesel, ora let suwe, antarane turu lan ora kaya ditekani sawijining wong tuwa. Jenggote dawa wis putih. Sandhangane uga sarwa putih. Ndemok pundhake wong tani prasaja iku sarwi ngunandika

“Menawa kowe pengin sugih, macula lemah pojok lor kulon kana kae “

Gragapan, gregah tangi, isih nguceg-uceg mripate,

Impen mau ora enggal dileksanani. Bengine, wong tuwa iku teka maneh. Sawise telung dina teka terus, lagi dileksanani.

“Lha endi, bandha sing ana ing pojok kene ki ? “

Nanging dhasare kawit biyen wong lugu, mula ora mutung tekan semono. Pacule tansah diobahke, nganti

“ Cragggg …! “

Pacule ketemu barang atos banget. Atose ngungkuli watu item. Rasane ora kepenak. Ananging rasa pengin ngerti njalari barang iku digawa mulih.

“ Ndhuk, Bapak mulih ! “

“ Mbeta napa, Pak?“

Barang sing gedhene sa endhas wedhus iku diiling-ilingi

“Kok awrat sanget, Pak!“. Kandhane karo nyoba njunjung.

“Mula Bapak ya nganti kabotan. Njajal saiki resikana barang iku! “

Bocah sing dhasare ndemenakke iku age-age nindakke dhawuhe bapakne

Lemah sing nggubel barang sing ketoke watu iku mbaka sethithik diilangi.

“ Kok kuning!, kok kaya emas! “ ora sranta, kaya wong wedi, ngundang

“ Pak kok kados ngaten ! “

“Kepiye?“

“ Rupinipun kuning kados emas! “

“Pa ya ? “

Tangga-tangga sing krungu ana rame-rame ing omah iku uga kepengin ngerti. Dhasar wong desa. Isih guyup-guyup. Paribasan ana kepenake liyane melu ngempek, nanging menawa ana rekasa disangga bareng-bareng.

“Bener, iki emas! “ kandhane tangga teparone meh bareng.

Kahanan ing omah iku dadi rame banget. Nganti kaya pasar tumpah nek pas usum mudhik. Wong sedesa padha mlumpuk. Pengin ngerti lan weruh emas sing gedhene sa endhas wedhus. Sa jege urip rung tau weruh emas sing gedhene semono. Nganti wong-wong mau lali gaweane. Sing tani lali sawahe. Simbok-simbok lali omah. Cah angon lali karo kewane. Kabeh kesengsem karo emas gedhene ora ukuran. Ibarat wong-wong wadon Mesir lali nganti ra krasa ngiris


Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

25