Siti Sumaryanti
bebaya bisa teka samangsa-mangsa.
Ing sasela-selaning pang wit randhu alas kang gedhe dhuwur, sunare rembulan nembus bulak amba kang sepi mamring lan katon angker itu ana regemengane sawehening uwong kang lagi gegancangan lakune miyak sepining swasana wengi iku kang ora liya ya Raden Rangga kang lumaku ijen tanpa kantha tanpa kanthi tumuju papane ula mau dumunung.
Satekane papane ula mau, Raden Rangga tumuli tata-tata, cancut penganggo, mripat mencereng ora uwal penyawangane marang ula mau, muli megeng napas mateg aji, semono uga ula mau, dheweke kaya-kaya nduwe naluri kanggo ngadhepi mungsuh, dheweke ngawaske sapari polahe Raden Rangga, nanging bareng tempuk panyawangane dumadakan ana daya kang aneh ora dimengerteni dening sasapoa, Raden Rangga sikepe dadi malih ora nedya nglawan ula mau nanging sewalike dheweke kaya-kaya sumedya masrahake pati uripe marang ula mau.
Kanthi ganti sikep, dheweke lungguh sila madhep mengidul, tangane sedhakep, mripat merem lan eseme ngrengani.
Ula mau bareng weruh patrape Raden Rangga nuli nyandher lan nggubed anggane sarta anyokot, nanging Raden Rangga mung anteng tanpa obah, tanpa mosik lan pungkasane Raden Rangga digawa ula mau mengidul parane.
Ilang saka pandulu anggane Raden Rangga ora ana kang nyipati kejaba angin wengi kang dadi seksi lan mbok menawa amung kang ramane Kanjeng Senapati sarta eyange Kyai Juru Mertani kang uninga apa sejatine kang dumadi marang Raden Rangga, amerga pancen Kanjeng Senapati jarene kang masrahake putrane marang Kangjeng Ratu Kidul supaya diemong, jalaran Kanjeng Senapati rumaos ora kuwageng momong lan ngawat-awati Raden Rangga lan pancen dudu wewadi maneh bab sesambungane karo Kangjeng Ratu Kidul.-@22
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta