Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Watu Gatheng

Rangga wus ora gamang maneh kanthi eklas lan lila legawa nedya nyuwun wuruk marang ingkang eyang Kyai Juru Mertani.

Dene ingkang eyang ya ora tidha-tidha maneh anggone peparing marang Raden Rangga kanthi pangajab Raden Rangga bisa dadi satria utama kang gelem mikir lan mbiyantu katentremane kawula lan Negara.

Sasuwene ngangsu kanuragan lan kawruh ana nggone ingkang eyang, Raden Rangga tansah mugen lan temen-temen nggatekake apa kang diparingake lan didhawuhake eyange.

Ora ngemungake kanuragan lan kadigdayan kang digulang, nanging uga bab kaprajan, unggah-ungguh sarta samubarang lir kang dibutuhake kanggo sanguning ngaurip uga diparingake, lan Raden Rangga dhewe anggone necep kabeh peparinge ingkang eyang uga kanthi tumemen ora gelem sembrana.

Raden Rangga kang wus mula duwe keluwihan wiwit cilik lan ora ana kang ngerti sapa ta sejatine bapa gurune nganti bisa ndadekake dheweke keliwat lan pinujul yen dibandingke karo wong lumrah? Utawa pancen amerga turuning Kang Jeng Senapati kang kondhang kaloka kadigdayane.

Tan rinasa anggone ngangsu kawruh lan nggeguru ndherek eyange wus antuk sawetara candra, dheweke wus rumangsa buneg kudu ngundher ana njeron dalem kumudu kudu kepingin metu bali ngumbar kesenengane kaya nalika biyen.

Durung nganti kelakon nuruti pepingane ninggalake daleme eyange, ndadak Raden Rangga krungu lapuran seka sawenehing punggawa menawa ing desa Patalan kesasaban sawijining ula kang gedhene udakara sawit klapa nggangu gawe marang wong-wong padesan kono.

Wus akeh wong kang dadi korban pangamuke ula mau padha tiwas dimangsa utawa digubed nganti remuk balunge.

Rindhik asu digitik bareng Raden Rangga krungu pawarta mau, enggal pamit ingkang eyange samedya arep menyang desa Patalan, kepingin nyekel lan mateni ula mau supaya ora nambah korban.

Durung nganti oleh palilah seka eyange, Raden Rangga wus ndhisiki mlumpat lan nggeblas tumuju desa Patalan, jalaran atine rumangsa welas marang wong-wong padesan kono kang mesthi wae ora ana daya ngadhepi ula mau, mula adreng banget kekarepane tanpa bisa dipenggak.

Rembulan moblong-moblong ing sandhuwuring mbun-mbunan, sunare cemlorot madhangi saindhenging jagad raya, cemruwite lawa kalong kang padha golek woh wohan sarta unine manuk guweg mahanani wengi iku rinasa tansaya tintrim.

Ora ana sak sapaa kang wani metu seka omah, kabeh mung padha aneng njeron omah, kancing lawang kanthi ati kang melang-melang lan miris, amerga

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

21