Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Siti Sumaryanti

Lakune tetep entheng kaya playune kidang cukat trengginas mlumpat mrana, mlumpat mrene, sikile ora leren nyambi nendhang watu-watu kang tinemu ing sauruting dalan, kadhang kala mendhak njupuki watu mung perlu disawatake ngiwa nengen lan mendhuwur saengga manuk-manuk kang lagi padha mencok neng wit- witan bubar mabur nyingkiri playune watu-watu mau.

Wong-wong ing sakiwa tengen kono ora ana kang wani aruh-aruh nyaruwe, kaya adat saben mung padha ndhelik lan sekangidan nyawang sapari polahe Raden Rangga kang ngedab-edabi kuwi, apa maneh menawa wus dolanan watu ngono kuwi, ora mung watu-watu krikil kang dienggo gatheng utawa disawat-sawatake nanging wiwit kang sagegeman nganti sabopongan kang dadi dolanan.

"Wah! Wah! Ck, ck, ck! Ora umum lan ora ketemu nalar atase Raden Rangga kang isih ramaja putra kuwi wus nduweni kaluwihan kang ora sabaene !" Grenenge wong-wong padesan kang meneri meruhi kahanan mau ora mung ngungun nanging uga melu ngrasa mongkog.

Pancen watu-watu kang dienggo dolanan gatheng iku dudu watu sembarang watu, nanging watu pinilih kang atose nek mung digepuk nganggo bodhem ora bakal cuwil apa maneh remuk. Mula watu mau kasebut uga watu gatheng lan manut gotheking wong-wong, watu mau isih ana sewetara iji kang disimpen neng kampung Dalem, Kelurahan Purbayan, Kecamatan Kota Gedhe. Nganti seprene akeh kang padha ziarah mrono uga akeh kang percaya watu mau nduwe pangribawa, malah manut critane, watu mau asring ngatonake cahya.

Bareng wus jeleh anggone selewengan, Raden Rangga nuli nerusake lakune tumuju ndaleme eyange, kebeneran eyange lagi nindakake kewajiban sholat aneng mesjid, Raden Rangga ora wani njugarake, dheweke trima nunggu neng undhak-undhakaning mesjid kang digawe seka watu kemlasa, yaiku watu ireng kang atose ora karuwan.

Watake Raden Rangga kang ugal-ugalan lan ora bisa meneng, watu-watu mau padha dicublesi nganggo drijine nganti padha legok pating cromplong tepak driji.

Kyai Juru Mertani sarampunge sholat nuli marani ingkang wayah lan mung bisa gedheg-gedheg mriksani kang wayah kang mamerake keluwihane.

"He, jebeng Rangga wayahku, watu-watu ireng kuwi kok dicoblosi nganti pating cromplong apa ora atos?" ngendikane Kyai Juru karo mesem.

Raden Rangga ndengengek, weruh kang eyang wus ngadeg ana ing sangarepe lan dumadakan drijine krasa lara nalika dicublesake neng watu kang malih dadi atos, ora pasah dening drijine Raden Rangga.

Batine Raden Rangga ngungun banget lan mbenerake ramane kena apa kudu gelem nggeguru marang eyange, dheweke banjur nglenggana menawa wong tuwa mono ora kena diungguli kadigdayane lan kawruhe dening wong enom, mula Raden



20

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta