Watu Gatheng
Kanjeng Senapati amung bisa gedheg-gedheg lan ngelus jajane, tanpa tumoleh playune Raden Rangga, sipat kuping kaya disawatake. Daya-daya enggal tekan
Pathi kang dadi tujuwane, arep ndherek kang bapa pamane.
Satekane Pathi, Raden Rangga ora nyuda ndhugale ananging malah nalika katimbalan mlebu ingkang paman isih kober gawe pangeram-eram kanthi numbuk watu gede kang kabener ngalangi neng dalan kang diliwati, watu sumyur dadi lebu, abdi-abdi kang padha nyipati mung bisa ndomblong lan ngowoh.
Mesthi wae kadigdayane Raden Rangga dadi kembang lambene wong sa Pathi, ingkang paman mung bisa ngrasa mongkog dene duwe keponakan kang banget ngedab-edabi. Nanging uga rumangsa prihatin.
Wus sawetara Raden Rangga dumunung aneng Pathi, gandheng rumangsa wus ora krasan nuli matur marang bapa pamane:
"Paman, gandheng sampun sawetawis kula ndherek wonten mriki, pramila keparenga kula nyuwun pamit badhe wangsul dhateng Mataram, Rama temtu sampun ngantu-antu wangsul kula"
"Iya ta Rangga putraku, senadyan paman rumangsa seneng kowe gelem ndherek kene, aku ya ora kabotan, mung welingku lakumu aja nganggo slewengan,
enggal-enggal sowan ramamu lan aja lali aturna marang Kanjeng Senapati salam taklimku," ngendikane keng bapa pamane wanti-wanti.
Satekane Mataram, Raden Rangga gegancangan sowan marang ingkang rama, senadyan ana rasa wedi ing atine, dheweke bakal ndadha sakabehing kaluputane lan bakal nampa dukane ramane.
"Rangga, aku ngerti menawa kowe ora bakal krasan suwe ndherek bapa pamanmu, semono uga aku ora bisa jenjem yen kowe kesuwen aneng kana amerga aku ngerti sapa kowe, dadi rasa melang-melang lan kuwatir nek kowe nganti gawe derdah aneng kana."
"Inggih rama,"ature Raden Rangga cekak, sirah tumungkul ora wani nyawang ramane.
"Ngene Rangga, gandheng umure isih kena disebut bocah kang durung dhewasa, mula miturut pamawasku becike kowe saiki dak dhawuhi ninggalake
kraton, sowana marang eyangmu Kyai Juru Martani lan matura menawa kowe tak dhawuhi nggeguru ana ggone eyang Juru kanggo nambah kasekten lan kawruhmu," Pangandikane Kanjeng Senapati ngarih-arih.
"Inggih rama, sendika dhawuh," ature Raden Rangga ngungun ing batin, kepingin nduwa nanging ora wani mbadal dhawuhe ramane.
Budhale kanthi polatan kang sluntrut, alise gathuk lambe digeget kenceng, ketara atine lagi ngendhem rasa kang ora nyenengake, nanging senadyan lagi peteng, citrane kang bagus tetep isih katon yen trahing kusuma rembekang madu.
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
19