Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Siti Sumaryanti

 Malah tau ana kedadeyan Raden Rangga nantang pawongan seka Banten kang nedya arep njajal karosanane Ramane.
 "E pawongan, kowe teka wani nglurug neng Mataram mung arep njajal ngilane dhadhane Ramaku, wus njajala aku wae durung mesthi kowe bisa ngungguli aku!" atos ukarane Raden Rangga.
 "Oh, dadi kowe putrane Senapati ta ? Bocah kang isih durung sepiroa kathik wani nantang aku, ayo ora sah kakean wuwus, tak ladeni tantanganmu!" suwarane wong Banten mau santak.
 Kelakon wong loro mau banjur padha adu atokang balung lan wuleting kulit, nanging sepira banggane wong mau mungsuh Raden Rangga. Ora gantalan wektu wong mau kasoran tumekaning tiwas kanthi gulune remuk balunge dipithing tangane Raden Rangga.
 Nguningani kedadeyan mau Kanjeng Senapati rumangsa jibeg banget penggalihe, angen-angene banjur tumlawung marang lelakone dhewe nalika jaman mudhane, ora sisib karo Raden Rangga saiki, ya watak wantune, kadigdayane sarta kekendelane.
 Lan uga anggone seneng nggugu karepe dhewe, dhemen golek mungsuh, ananging gandheng Senapati kuwi jalma kang pilih tandhing, mula akeh negara-negara kang dikalahke lan dadi negara telukane, lha ya kacang masa ninggala lanjaran.
 Gragapan Kanjeng Senapati bareng eling marang Raden Rangga kang mentas nggawe tiwase pawongan kang ngakune seka Banten nuli nimbali ingkang putra.
 "Rangga putraku, ora ngiro jebul kowe bocah kang mumpuni, saiki coba nek mutung jempol sikilku bisa durung?" ngendikane Kang Jeng Senapati sinamudana dukane.
 "Inggih, Rama" ature kanthi kormat tanpa ana rasa wedi.
 Tanpa wigah-wigih, Raden Rangga kang mula duwe watak kongas nuli mateg aji karosane, jempole ingkang rama nuli dicandhak wani nedya ngatonake kaliwihane, semono uga ramane ngerti watak wantune kang putra uga ora katalompen kanggo ngawekani kedadeyan kang ora dikarepke nimbang mateg aji megeng napas.
 Ananging tanpa dinuga pancen Raden Rangga ora kena disangga entheng, jempole krasa lara lan Raden Rangga banjur dikipatake nganti mlesat adoh.
 Raden Rangga rumangsa isin konangan dening ingkang rama menawa dheweke temen-temen anggone kepingin ngasorake kadigdayane ramane.
 Dheweke nuli nggeblas lumayu sumedya oncat seka ngarepe Kanjeng Senapati, ninggalake Mataram kanthi njebol pager bata kang aneng ngarepe amerga ora gelem liwat lawang, pager bata ambrol sededege Raden Rangga.



18

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta