Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Watu Gatheng
Siti Sumaryanti

Dheng Dheng! Dheng !
 Bedhug tengange wancine, panase ngemplak-emplak kaya-kaya arep nglagar sakabehing kang gumelar aneng bumi. Wit-wit katon ijo royo-royo ngrembuyung sajak ngawe-awe kang padha liwat sacedhake kono gelema ngeyub neng sangisore.
 Ing sajroning gedhong kraton Mataram katon lagi sapejagong Kyai Juru Martani klawan Kang Kanjeng Senapati Ingalaga, kang dirembug ora ana liya kejaba amung putra pembarepe Kanjeng Senapati kang mijil saka garwa kang isih turune Kalinyamat Arane Raden Rangga.
 "Paman Juru, kados pundi kawontenanipun anak kula Rangga, punapa wonten bab-bab ingkang mutawatosi? " pamundhut priksane Kanjeng Senapati marang kang paman Kyai Juru Martani.
 "Iya ngger Senapati, putramu Rangga pancen bocah kang angel ditata lan dituturi, seneng nggugu karepe dhewe, ora gelem ngrungokake kabeh pituturku," wangsulane Ki Juru ngemu rasa kuciwa.
 Pancen kang jeneng Raden Rangga putra Kanjeng Senapati iku senadyan umure durung sepiroa nanging kelebu bocah kang linuwih, ya karosanane, kadigdayane uga anggone seneng nggegulang kanuragan.
 Mula ya ora nggumunake menawa dheweke banjur duwe watak adigang-adigung adiguna, isih ketambahan cengkiling lan panas barang, gampang nesu.

 Ora sithik uwong kang wus dadi korban, amarga gawe kagol lan gawe nesune Raden Rangga kabeh padha tiwas ditempiling nganti pecah sirahe.

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

17