Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Pangurbanan kang Tulus

penggalihe kang isih tidha-tidha.
 Ing sak banjure, Dewi Pandhansari banjur nyenyuwun marang Gusti supaya bisa malik wewujudan dadi manungsa lumrah, saengga bisa makarya ing sak tengahe umat manungsa.
 Pranyata panyuwunan iku kasembadan. Wiwit wektu iku, Dewi Pandhansari bisa paring panuntun lan tuladha marang para warga. Pangandikane mangkene, "Para warga, aja padha wedi kangelan. Ayo padha cancut taliwanda, anggula wentah tanah ing pesisir kene kareben bisa ditanduri palawija, palagumantung, sarta palakependhem, saengga bisa kanggo nambah karaharjaning uripmu".
 Para kawula kang biasane mung urip kanthi golek iwak, wiwit ajar tetanen. Dene kasil pakaryan iku kanyata bisa ngrubah tanah pesisir kang panas ngenthak-enthak, dadi tanah kang subur. Wulu wetune bisa murakabi kanggo urip padinan, apa maneh ing mangsa kurang iwak utawa mangsa ombak segara lagi gedhe.
 Sak wise kabeh tumata apik, Dewi Pandhansari rumangsa yen pakaryane wis ka anggep cukup, lan kepengin bali angedhaton, arep sowan marang ingkang rama.
 Sang Dewi banjur nyenyuwun marang Gusti, supaya dikeparengake bali dadi lelembut maneh. Kanyata Gusti anyembadani panyuwune, dewi Pandhansari malik rupa, bali dadi lelembut maneh.
 Kanthi sumedhot ing penggalih, Dewi Pandhansari ninggalake laladan pesisir lan tindak angedhaton.
 Kocapa, ingkang rama kang priksa sowane sang Dewi saka kadohan, wis sekel ing penggalih, rumangsa disepeleke lan dicidrani. Dewi Pandhansari kang lagi sumungkem ing sampeyane dikipatake lan sakala duka yayah sinipi. Pasuryane abang mbranang, paningale mencereng, lan jumangkah mundur ngedohi sang dewi.
 Ing sakawit ingkang rama wis rumangsa nyembadani panyuwunane putrine kang kinasih. Ananging penggalihe kuciwa banget, sebab pranyata Dewi Pandhansari kanthi sesidheman ninggalake kedhaton maneh, nilarake kabeh tugas lan kwajiban saperlu semedi ing pesisir. Ingkang rama rumaos sang dewi luwih nengenake karepe pribadi tinimbang bektine marang wong tua.
 Mula ingkang rama banjur ngendika kanthi suwara kang sora, nyepatani mangkene, "Wiwit saiki dadiyawit pandhan ing pesisir kana lan ora susah dadi putraku", mengkono panyebrate marang sang Dewi.
 Saknalika Dewi Pandhansari malik wewujudan dadi wit pandhan kang ijo royo-royo ing sapinggire segara kidul ing tlatah Sanden.
 Sakwise kadadeyan mau, ingkang rama keduwung penggalihe, amarga tega karo putrine kang banget ditresnani. Ananging kabeh mau wus dadi pepesthen,



Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

15