Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Hindardinah Sukadi

para kawula alit ingkang gesangipun mligi pados ulam, saged manggih karaharjan".
 Kanthi kebak ing katresnan, mustakane sang Dewi diarasi, lan banjur paring pangandikan anyaguhi panyuwunane. Sanadyan abot, nanging panyuwunan iku mujudake kawigatene sang Dewi marang kawula cilik. Pangandikane ingkang rama mangkene, "Iya Ndhuk. Panyuwunmu dak saguhi".
 Ingkang rama mongkog penggalihe dene kagungan putra kang luhur bebudene lan dhemen tetulung marang sapa wae.
 Saka kasektene ingkang ramane Dewi Pandhansari, tenan, sakala iwak ing segara kidul banjur ngrembaka matikel-tikel, mahanani para kawula cilik bisa panen iwak ing saben dinane lan atine padha bungah.
 Ananging kahanan kaya mangkono iku ora lumaku suwe, sebab ing titiwanci mangsa angin gedhe lan ombak segara kidul anggegirisi, para kawula cilik ora ana kang wani golek iwak ing segara. Dene kebutuhan urip ing saben ndinane kanggo mangan sak anak bojone tetep kudu dicukupi. Weteng kang luwe tetep njaluk diisi, ora bisa disemayani maneh.
 Kanyata panandhange urip kang abot isih kudu dilakoni dening para kawula. Ananging dheweke percaya lan tetep nduweni pangarep-arep yen ing tembe Gusti bakal paring pitulungan, paring rejeki ing saben ndinane kanthi cukup, tanpa ngerti saka ngendi sangkan parane.
 Kahanan kang nyedhihake iku ora luput saka kawigaten Dewi Pandhansari. Panjenengane nglenggana yen para kawula ing laladan pesisir kidul iku pangupa jiwane mung mligi saka golek iwak wae, pranyata durung bisa dientasake saka uripe kang sekeng.
 Dewi Pandhansari banjur nilar kedhaton maneh, tindak neng pesisir segara kidul, nedya semedi.
 Sang Dewi pengin maneges ana ing kersane Gusti lan pengin nyuwun pitedah supaya bisa tetulung marang kawula cilik. Ature ing batin, "Dhuh Gusti, kawula nyuwun pitedah, nyuwun margi supados kawula dalem ing laladan pesisir mriki saget gesang langkung sae lan kaparingan karaharjan.
 Sak jroning semedi, Dewi Pandhansari priksa gegambaran kang beda karo adat sabene. Laladan pesisir kang adat sabene panas ngenthak-enthak, ing kono katon eyup, ijo royo- royo, wit-witan katon subur lan para kawula bisa urip ayem tentrem karta raharja. Ing kono uga katon gegambarane sang Dewi kang urip bebarengan karo para kawula cilik.
 Sak watara suwe, sang Dewi isih menggalih apa jarwane gegambaran iku. Apa sejatine pituduh lan karsa dalem Gusti kang katon ing semedine kanggo mujudake panyuwunane. Sang Dewi wiwit mangerti apa kang dikersake Gusti yen panjenengane kudu manunggal karo para kawula. Ananging apa bisa, mangkono



14

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta