Pangurbanan kang Tulus
Sawise kundur angedhaton, pirang-pirang wengi sang Dewi ora bisa sare. Penggalihe judheg lan bingung sebab durung nemokake cara supaya bisa angudhari panandhange para kawula cilik mau. Gegambaran kang disumurupi ing laladan pesisir tansah ngreridhu penggalihe. Para emban kang caos leladi uga gumun sebab sang Dewi ora kersa dhahar lan tansah katon sedhih.
Ora kanyana-nyana, ingkang rama tedhak rawuh ing papan kono. Nyawang putra-putrine kang banget ditresnani katon sedhih, penggalihe trenyuh lan banjur ngendika, "Ndhuk, kena apa kowe kok katon sedhih? Polatanmu suntrut, ora kaya biasane. Apa para emban anggone leladi dhaharan kurang resep, utawa ageman kang dicawisake kurang mranani ing penggalihmu?" Mangkana pangandikane ingkang rama kanthi sareh lan pengin melu nglipur penggalihe putrane kang lagi ora rena. Dewi Pandhansari kejot ing penggalih karawuhan ingkang rama kanthi dadakan. Sakwise penggalihe tumata, sang Dewi banjur matur kanthi groyok lan sabisa-bisa nahan tetekang waspane. Piyambake wedi yen ingkang ramane duka, nanging ing batin nedya arep blaka apa anane.
Ature mangkene, "Kanjeng rama, kula nyuwun duka dene kala wingi enjing kula sampun kumawantun nilar kedhaton". Ature mandheg sedela, kepengin mangerteni tanggap sasmitane kang rama saka ature dheweke. Sang Dewi banjur matur maneh kanthi suwara lirih lan pedhot-pedhot, "Rama...kula....kula kepingin sanget nyumurupi kahanan ing saknjawining kedhaton. Ing mriku kula sumerep gesangipun para kawula alit ingkang sami nandhang papa cintraka. Griya ing laladan pesisir ingkang apayon damen, gubug-gubug alit ingkang sampun sami dhoyong lan lare-lare alit sami nangis jalaran kaluwen, nengga wangsulipun bapakipun ingkang makarya pados mina ing seganten. Menika rama, ingkang dados keprihatosan kula. Dene kosok wangsulipun kula ing kedhaton gesang mulya mboten kekirangan satunggal menapa".
Mangkono ature sang Dewi kanthi jujur, ing pangajab ingkang rama bisa mangertosi apa kang dadi panguneg-uneging penggalihe.
Ingkang rama sumene sakwetara, banjur unjal ambegan lan paring pangandikan mengkene, "Terus apa kang rama bisa tindakake Ndhuk, supaya penggalihmu bisa ludhang?", pangandikane sareh lan nyawang putrane kanthi trenyuh.
Paningale Dewi Pandhansari katon kembeng, banjur mbacutake atur yen sang Dewi kepengin bakal ngaturake sawijining panyuwunan marang ingkang rama, dene panjenengan percaya yen ramane kang sekti mandraguna bisa paring pitulungan.
Ature kanthi ngati-ati lan astane sumungkem ing sampeyane ingkang rama, "Rama....kula nyuwun supados rama kersa paring nugraha saengga mina ing segaten kidul menika saged ngrembaka matikel-tikel kathahipun. Ing pangajab,
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
13