Pangurbanan kang Tulus
Hindardinah Sukardi
Wanci wayah esuk umun-umun, laladan pesisir segara kidul banget anengsemake. Sang bagaskara mentas wae jumedhul ing iring wetan, sumunar cahyane abang mbranang, madhangi banyu segara kang kimplah-kimplah tanpa tepi. Angin kang sumilir anerpa rikmane Dewi Pandhansari kang dawa ngandhan-andhan.
Hawa pesisir kang adhem ora dirasakake. Tindake alon-alon, nelusuri wedhi kang kala-kala kasempyok ing ombak.
Dedeg piyadege kang lencir, pakulitane kang kuning nemugiring, lan pasuryane kang ayu mujudake wewujudan kang nengsemake ing pandulu. Nanging kabeh mau ora bisa sinawang kanthi wewantahan, jer sipate dudu awujud manungsa lumrah, nanging awujud lelembut.
Dewi Pandhansari iku salah sawijining putra putrine panguwasa ing laladan segara kidul. Senadyan putra ontang anting, sang Dewi ora diugung, nanging digulawentah kanthi tata cara kang sakmesthine lumaku ing laladan kedhaton. Sang Dewi dipingit lan ora diparengake metu saka kedhaton.
Ing esuk iku, Dewi Pandhansari kesengsem penggalihe mriksani solah bawane para kawula cilik kang lagi padha golek iwak ing segara. Penggalihe trenyuh nyumurupi kasunyatan dene uripe kawula cilik padha ngrekasa olehe golek pangan. Keluargane mujudake keluarga kang papa cintraka, jer kasile olehe makarya ngupadi iwak ora mesthi bisa dijagakake. Tarkadhang kala baline ora nggawa kasil, utawa asile ora cukup kanggo urip saban dinane. Sang Dewi kang luhur bebudene, banjur mbudi daya supaya bisa paring pitulungan, saengga para kawula cilik mau bisa urip kanthi raharja lan ora nandhang papa maneh.
12
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta