Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sigit Hartanto

wusana, upacara neningkahan dibarengake karo upacara gugur gunung.
 Saparipurnane upacara neningkahan, Ki Wanabaya tumuli pamitan ninggalake Kademangan Mangiran.
 "Aku saiki uga kudu lunga menyang erenging Gunung Merapi."
 "Yagene kok enggal-enggal pamitan, Ki?" pitakone Ki Demang Taliwangsa.
 “Sebab keris pusakaku uwis musna. Aku kudu mertapa ana ing kana. Jaganen anakmu kang lagi nggarbini iku!" wangsulane Ki Wanabaya.
 Mangkono mau lelakon kang dialami dening ibune Baru Klinthing. Sak uwise mangerteni kabeh kang dicaritakake dening ibune, Baru Klinthing wusanane duwe krenteg ngupadi bapakne kang sejati.
 "Ibu, Gunung Merapi menika dunungipun wonten ing pundi?" pitakone Baru Klinthing.
 "Yagene ta kowe duwe pitakon kang kaya mangkono, anakku?"
 "Kula kepengin pinanggih kaliyan bapak kula." Wanita iku mung mbegegeg meneng wae. Mripate kembeng-kembeng sajak arep nangis. Dheweke uwis kebacut tresna marang anake senajan awujud ula. Dheweke sumelang menawa Baru Klinthing lunga menyang Gunung Merapi, mbokmenawa malah kesasar ora tekan panggonan kang dituju. Nanging Si Baru Klinthing adreng anggone duwe kekarepan, wusanane ibune nuduhake dalan kang tumuju menyang Gunung Merapi.
 "Anakku, menawa kowe pancen duwe kekarepan kang gedhe kepengin ketemu bapakmu, metua saka Kademangan kene ing wayah wengi mundhak gawe wedine wong-wong kang padha nyumurupi lakumu. Tumuli enggala tumuju menyang Kali Praga. Kowe kudu lerem neng kana ing sawetara tahun. Lamun awakmu wis gedhe lan rosa tumuli lumakua ing sajroning kali iku ngener mengalor suwening suwe kowe bakal tekan Gunung Merapi!" mangkono pangandikane ibune marang Baru Klinthing.
 Baru Klinthing kang awujud ula iku banjur budhal ninggalake Kademangan Mangiran ing wayah wengi tumuju ing kali Praga lan banjur lerem ana ing kana sawatara taun lawase.
 Kacarita sak uwise pirang-pirang taun lerem ana ing Kali Praga, Baru Klinthing dadi ula naga kang gedhe lan dawa banget. Lamun kena sunaring rembulaning wayah bengi sisike mengkilat kaya emas kang tinata ana ing awake. Dene mripate mencorong kaya srengenge kembar. Menawa dheweke ngobahake awake mengiwa lan menengen, tanggul ing sakiwa-tengene kali dadi jugrug. Para juru pamisaya mina padha wedi golek iwak ing kono.

 Anane ula naga kang gedhene magila-gila ana ing Kali Praga agawe girising warga kang manggon ing sak pinggiring kali. Kahanan kang kaya mangkono iku


10

Dinas Pariwisata dan Kehudavaan Kota Yogyakarta