Dumadine Tumbak Kyiai Baruklinthing
Dheeweke duwe pangira yen Ki Wanabaya mesthi paring deduka lan paukuman kang abot.
"Nyuwun tadhah deduka Ki. Keris pusaka ingkang kula ampil dumadakan musna." ature bocah wadon iku kanthi memelas.
Ki Wanabaya unjal ambegan, ora paring deduka marang bocah wadon iku mau.
"Kepriye genahe keris pusaka iku bisa ilang, Ndhuk?" pitakone Ki Wanabaya.
"Kula ingkang lepat Ki. Kula kesupen mboten tumuli ngaturaken dhateng bapak kula. Nanging kula malah lajeng tumut mbiyantu wonten ing pawon, keris
kula pangku. Sanalika keris wau musna..." ature bocah wadon iku kanthi luh kang dleweran ing pipine.
Ki Wanabaya manthuk-manthuk, banjur nyedhak marang Ki Demang Taliwangsa. Kanthi suwara kang lirih, tumuli ngandika marang mitrane.
"Ki Demang Taliwangsa, aku arep nyaritakake apa kang bakal tumempuh marang anakmu, kowe ora perlu sedhih."
"Lelakon apa kang disandhang dening anakku iki mengko, Ki?" pitakone Ki Demang Taliwangsa.
"Iki wis dadi pepesthen saka Sang Hyang Widhi, Ki. Lelakon iki pancen dudu kang mbok karepake. Sejatine aku wis wanti-wanti marang anakmu wadon iki supaya ora deleh keris ana ing pangkone. Nanging anakmu tumindak sleder, ora ngestokke dhawuh. Keris mau tumuli musna, ilange ora menyang papan kang adoh ananging lumebu ana ing guwa garbane anakmu iki. Lelakon iki mau bakal anjalari anakmu nggarbini.
"Apa bisa mangkono, anakku iki isis prawan, Ki?"
"Kabeh iku mau bisa kelakon."
"Wadhuh,..banjur kepriye kiyi... kepriye goteke wong-wong ing Kademangan kene marang anakku...kamangka dheweke durung duwe bojo?"
"Golekna wong lanang kanggo bojone."
"Ora gampang, Ki." Ki Demang Taliwangsa banget susah atine.
Ki Wanabaya uga ngrasakake apa kang dadi kesusahane mitrane. Mula banjur celathu marang Ki Demang Taliwangsa.
"Menawa kowe nayogyani, aku sumadya dadi bojone. Nanging iki among minangka ila-ila wae, aku ora arep nggepok-senggol marang anakmu wadon iku.
Sak uwise upacara neningkahan aku banjur kudu lunga. Kepriye, Ki?"
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
9