Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sigit Hartanto

sumelang yen pusakane mengko malah dibegal uwong ana ing dalan. Nanging bareng dipikir-pikir, Ki Wanabaya ora tega nulak apa kang dadi ature bocah wadon putra putrine Ki Demang Tali Wongso iku mau. Kabeh iku mau karana sesambungan antarane Ki Demang Taliwangsa karo Ki Wanabaya wis kadi dene sedulur dhewe.
 "Yagene dudu bapakmu dhewe sing teka mrene?" pitakone Ki Wanabaya.
 "Bapak saweg katemben wonten/ kathah karibedan nyawisaken samukawis." atur wangsulane bocah wadon.
 "Sejatine aku was sumelang menehake keris pusaka iki marang kowe apa maneh kowe iku jejering wanita. Yen ora ngati-ati anggonmu nggawa bisa njalari cilakamu dhewe." Pangandikane Ki Wanabaya.
 "Menapa leres makaten, Ki?" pitakone bocah wadon iku.
 "Iya, mangkono. Bisa salah kedaden lamun anggonmu nggawa ora ngati-ati.
Awit saka iku aku wanti-wanti aja deleh keris iki ing papan kang ora samesthine. Aja pisan-pisan dedeleh keris pusaka iki ana ing pangkonmu, Ndhuk!" mangkono pangandikane Ki Wanabaya.
 Keris pusaka tumuli dipasrahke marang bocah wadon iku. Keris pusaka digawa dening bocah wadon iku tumuju ing Kademangan Mangiran. Nanging pusaka iku ora enggal diaturake marang Ki Demang Taliwangsa. Bocah wadon iku malah banjur ngambyuk melu rewang mangsak bebarengan karo para wanita ana ing pawon. Awit ketungkul anggone rewang, dheweke lali ora masrahake keris pusaka marang bapakne. Malah dheweke nindakake keluputan yaiku deleh keris pusaka iku mau ana ing pangkone. Sanalika iku uga keris pusaka musna, ilang.
 Bocah wadon iku mau banjur njerit sora amarga kaget campur kaweden yen bakal didukani dening bapakne. Raine dadi pucet awit gawang-gawang ing pikirane nalika Ki Wanabaya wanti-wanti weling marang dheweke. Ki Wanabaya mesthi bakal duka yen nguningani keris pusakane ilang. Bocah wadon iku mau banjur semaput, ora eling apa-apa.
 Pawongan kang ana ing Kademangan Mangiran kono padha was sumelang marang keslametane putra putrine Ki Demang Taliwangsa. Sak wise putra putrine iku mau eling, Ki Demang Taliwangsa banjur age-age sowan marang Ki Wanabaya saperlu nyaritakake bab lelakon iku mau.
 Ki Wanabaya tanggap marang lelakon kang nembe wae dicaritakake dening Ki Demang Taliwangsa.
 "Ki Demang Taliwangsa, ayo saiki uga aku bakal ngetutake laku anggonmu bali menyang omahmu saperlu ngusadani anakmu."
 Wong sakloron tumuli budhal menyang Kademangan Mangiran.

 Banget kaget atine bocah wadon iku nalika adu arep karo Ki Wanabaya.


8

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta