Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Laku Tapa kang Aneh

Dene mau anggepe Syekh Maulana sing paling cepet tekan ing papan kono, merga bisa dilakoni mung sakedheping netra, nanging kena apa isih kalah cepet karo Syekh Bela Belu. Kamangka rikala Syekh Maulana tindak, Syekh Bela Belu lagi adang sega, durung ngadhuk sega lan milihi sega saka pasir, banjur durung dhahar sisan, teka saiki malah wis tekan mesjid Mekah luwih dhisik katimbang Syekh Maulana Mahgribi.

Syekh Maulana Mahgribi banjur nusul lenggah ing sacedhake Syekh Bela Belu lan kersa ngakeni yen pranyata laku tapane Syekh Bela Belu kang aneh iku uga bisa kanggo nggayuh tujuwan. Uga ngakeni yen kasektene Syekh Bela Belu luwih unggul katandhing marang kasektene Syekh Maulana Mahgribi.

Sajroning batin Syekh Maulana Mahgribi getun dene wis nyepelekake wong liya, ora gelem ngakoni kaluwihane wong liya, lan ngagul-agulake kabisane dhewe. Mula Syekh Maulana Mahgribi banjur tumungkul sujud ing ngarsane Gusti Allah, saperlu nyuwun pangaksama awit saka anggone ngagul-agulake kabisane.



Daftar Pustaka

  1. Bambang Suwondo ( 1980/1981 ), Cerita Rakyat Daerah Istimewa Yogyakarta. Yogyakarta: Depdikbud, Proyek Inventarisasi dan Dokumentasi Kebudayaan Daerah.
  2. Haryana Harjawinaya, Supriya, Th (2000), Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa, Yogyakarta : Kanisius.
  3. Sudaryanto, Pranowo, (2001), Kamus Pepak Basa Jawa, Yogyakarta: Badan Pekerja Konggres Bahasa Jawa


Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

5