Piet Hari Santosa
anggone lumebu. Dalane ciut, atepe cendhek. Wasana gagang tumbak katugel dadi cendhak, kaya dene keris. Prajurit Mataram kang padha anyegat kababat tiwas sanalika. Ana ing watugilang Kiageng Wanabaya bisa adhep-arep karo Panembahan Senapati lan padha tantang-tantangan. Nanging sadururunge capuh perang tandhing, Kiageng wus ambruk ngrungkebi bantala, disuduk keris dening Tumenggung Jagaraga lan Tumenggung Pringgalaya bebarengan. Putri Pambayun nyumurupi iki kabeh, jelih-jelih melas asih.
"Kakang aku aja kok tinggal, kakang! Aku ana kene karo putramu kakang!" banjur nyawang marang ramane, "Rama, sampeyan dalem tega kaliyan putra mantu. Tega dhumateng wayah ingkang kula kandhut menika. Punapa ta ingkang sampeyan dalem kersakaken? Punapa ta ingkang sampeyan dalem gayuh? Ramaaaa...!"
"Singkirna wong wadon kang nistha iki!" Parentahe Sang Panembahan. Kiageng Pamanahan kang priksa kabeh kadadeyan kang ana ing kono, banjur krekelan jumeneng, nyandak wayah kinasih, banjur katuntun sumingkir saka ing papan kono.
Ana ing palagan Baro Klinthing ngamuk punggung ana ing satengahing paperangan. Atusan prajurit Mataram kang mati ana tangane. Nanging babar pisan ora ngira manawa saperangan prajurit Mangir cidra. Prajurit Patalan ambalela, kapilut dening janji-janjining para telik-sandi Mataram kang gawe reseping ati. Katempuh saka mburi, prajurit Mangir kuwalahan. Wasana bubar mawut ora karuan. Pangepunging sarpa kurda saya rapet, bala Mangir padha tiwas, liyane keplayu embuh menyang endi. Dene Baro Klinthing kakroyok dening atusan prajurit Mataram, wasana tiwas kataman atusan gegaman warna-warna, nanging jasade ora katemokake.
Ing ereng-erenging Merapi, ana sawjining wong anom, awake gilap kaya sisik, lumaku munggah tanpa kanthi. Wong mau ora liya Baro Klinthing, nyusul Kiageng Mangir sepuh kang martapa, nanging ora ketemu, marga Kiageng wus mukswa. Klinthing banjur ambangunteki ana ing kono nggenteni bapa angkate. Sajeroning ati Baro Klinthing angucap,
"Tanah Jawa bisa tentrem, manawa Mataram kaparentah dening ratu kang adil, asih marang sapadhaning urip lan manembah marang Kang Murbeng Dumadi!"
Sumbering carita:
- Buku "Drama Mangir", anggitane Pramudya Ananta Toer
- Carita lisan satengahing masarakat
- Saka pangentha-enthaning panganggit
136
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta