Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/143

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Mangir, Tanah Perdikan

pangareping Mangir liyane isih padha percaya lan suyud marang Kiageng. Marga nyata yen tandang-tanduke anggone makarya ora owah karo adate. Klinthing ora akeh pocapane. Malah katon yen nyandhet omongan, nanging anggone nyambut gawe katon saya pethel. Sadhela mriksa para pandhe lan empu, sadhela mriksa tapel-wates, sadhela maneh mriksa gladhen kaprajuritan bebarengan karo Kiageng, lan sateruse. Nanging grundelane para pawongan ing tapel-wates rada gawe ciliking ati. Akeh kang padha menjep manawa kaprungu jeneng Wanabaya.

Baro Klinthing mendhem pitakon wigati kang seprene durung ana wangsulane kang gumathok. Sajatine sapa wong kang ambarang ledhek kae? Klinthing tau mara menyang pondhokane para niaga, takon marang kang tuwa dhewe,

"Sajatine sampeyan sakanca nika sapa, lan ngendi asale?".

"Kula katelah Karta Kendhang awit kula prigel mgendhang. Waranggana beksan nika anak kula. Gendhuk Suti namine. Sing enem niki Gina, kakange Suti. Dene sing liyane niku sedherek tunggal dhusun."

"Nek desa, desa pundi, kok bisa nyekar apik tur gamelane ya becik?"

"Waleh-waleh napa kepareng kula matur nakmas. Dhusun kula wonten tanah wetan, tebih saking ngriki. Mbokmanawi klebet tlatah Pathi. Nanging sanajan dhusun kula niku dhusun alit, nate kampiran satunggaling Wali sing lajeng wewuruk nabuh kalih nyekar. Namung tilaran gamelan lan kasagedan wau kangge napa? Wong tiyang saindenging dhusun kula ngrika sami miskin. Mula kula njur mbarang sadalan-dalan".

"Kok ora neng Mentaram wae?"

"Kula ajrih nakmas, teng Mentaram niku kathah era-eru. Kathah tiyang diukum pejah mung margi salah sekedhik mawon."

Baro Klinthing ya percaya ning ya ora. Arep takon akeh-akeh marang Gendhuk Suti ora kepenak, marga wus dadi garwane Kiageng.

Sawijining dina, kira-kira nem sasi sawise Kiageng Wanabaya anggarwa Gendhuk Suti, Karta Kendhang teka. Wektu kuwi kapinujon Wanabaya laji ora neng omah.

"Ngger, putuku Pembayun, wektumu wus entek. Janjimu wus tekan titi wancine. Sajeroning telung dina iki kowe kudu bisa ngajak garwamu sowan ing ngarsane ramamu, Panembahan Senapati," mangkono ujare Karta Kendhang, ya Tumenggung Mandaraka, ya Ki Juru Martani.

"Elinga ngger, iki bektimu marang wong tuwa, ya bektimu marang ratu gustimu. Aja nganti kok lirwakake". Tanpa ngenteni wangsulan saka Gendhuk Suti, ya Putri Pembayun, Juru Martani klepat lunga, nyandhak jarane Ki Wanabaya, negar bali marang Mataram, liwat dalan kang aman. Putri Pembayun sumlengeren, ora ngerti apa kang kudu katindakake. Mendah nesune Ki Wanabaya

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

133