Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/141

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Mangir, Tanah Perdikan

gegaman mawarna-warna.

Ing Mataram, Panembahan Senapati mireng palapurane Tumenggung Jayaningprang, duka yayah sinipi, kumedut padoning lathi, banjur mundhut pirsa kanthi sereng, "Setajaya lan Jayaseta, kepriye?!"

"Pejah sinuwun."

"Bancet?'

"Pejah sinuwun."

"Kowe dhewe?"

"Saking pangestu paduka, kula taksih ginanjar wilujeng, sinuwun." Ananging uripe Tumenggung Jayaningprang ora suwe, amarga esuke sadurunge bang-bang wetan, Tumenggung wus katigas janggane. Saka kamirahan dalem Sang Senapati, kulawargane kapareng angrukti layone.

Senapati Ingalaga banget anggone gerah panggalih. Uga kawula ing Mataram padha angrasa prihatin awit prajurit Mataram kang diunggulake lan didama-dama kalah mungsuh begal, kecu, maling lan sapanunggalane. Ananging sungkawa dalem mau ora suwe, amarga pratikeling praja, Ki Juru Martani, ya Tumenggung Mandaraka ngerih-erih lan anglipur sarta caos iguh pratikel kang bisa kadhahar dening Sang Panembahan. Nanging iguh pratikel kuwi mau karembug lan karancang kanthi sesidheman. Aja nganti kaprungu dening sapa wae kang ora ana gegayutane karo prakara iku.

Ing bale Perdikan, pangareping Mangir padha rembugan bab anggone gawe tentreming laladan kang tansah dirambah dening telik sandining Mataram. Telik sandi mau padha gawe kisruh, anyebar kabar warna-warna kang tundhone gawe bingunging para warga Mangir. Demang Patalan kang laladane cedhak karo tapel-watesing Mangir lan Mataram celathu, "Tapel wates wiwit saiki kudu dijaga tenanan. Telik sandi Mentaram mlebu-metu sakarepe dhewe tanpa ana sing ngawat-awati". Kiageng sakanca padha ambenerake, awit pancen kaya ngono kahanane.

"Klinthing", ujare Ki Wanabaya. Baro Klinthing ora wangsulan, mung nglirik sadhela marang Kiageng. Mangkono iku sipate Klinthing. Ora akeh pangucape, pethel anggone nyambut gawe, setya tuhu marang panggedhene.

"Kepriye rencanamu Klinthing?"

"Wis dak atur," mangkono wangsulane Klinthing. Pancen kabeh wus diatur dening Baro Klinthing. Gladhen bala pratala ana ing alun-alun Mangir, lan ana ing laladan Pademangan papat, digladhi dening Jaya Tumnak, Slamet Keris, Kanthi Wastra lan Harja Klewang. Prajurit kuda ana ing Parangtritis, gladhen telik sandi ana ing Pademangan Pajangan, digladhi dening Demang Pajangan lan Klinthing dhewe. Saya suwe rembugane para pangareping Mangir saya jembar lan saya jero, nganti tekan wancine kaprungu unining gendhing kang anganyut-anyut kasaru

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

131