Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/140

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Piet Hari Santosa

gusti". Atine Tumenggung mongkok banget, banjur marentahake gegedhug sakloron padha nguber lan ngepung bala Mangir, supaya Wanabaya bisa kacekel urip-uripan. Nanging Temunggung Jayaningprang ora pirsa babar pisan, manawa kang didangu mau sajatine wong Mangir. Dhasar isih mudha, gegedhug sakembaran sabalane banjur nguber prajurit kuda Mangir kang ora sepiraa cacahe iku.

"Sida dak rangket kowe begundhal Mangir. Sida dak gelandhang menyang Mentaram," mangkono batine Setajaya. Ananging Wanabaya ora kurang waspada. Sanalika iku uga prajurit Mangir padha ambalik, jarane ginitik tinegar ngidul sakebat-kebate. Gegedhug sakloron rada cingak, nanging suthik kelangan wektu banjur negar ngimbangi kebating bala Mangir. Dumadakan, tanpa kinira, prajurit Mangir pecah dadi rong perangan. Saperangan menggok nengen tumuju kali Praga, liyane menggok ngiwa tumuju kali Oya. Sapiting urang uga kepeksa megar ngiwa-nengen. Sanalika iku uga muncul prajurit Mangir kang wus suwe anggone andhedhepi ing papan kono. Prajurit Mataram diudani tumbak, jarane kasrimpung nganggo bandhil. Prajurit pratala Mataram kang kaceceran ing mburi dirabasa dening prajurit Mangir kang teka saka arah kanan-kering. Prajurite Kiageng Wanabya kang pecah dadi rong perangan mau mubeng bali ngalor, nimbrung krodhaning prajurit Mangir kang dipandegani dening Demang papat lan Baro Klinthing. Gajah telu kang dadi piandeling Mataram diudani panah lan uga disrimpung nganggo bandhil. Tumenggung Jayaningprang kang nunggang gajah bisa mencolot mudhun, nyamber kuda kang nganggur lan nglawan sabisa-bisane. Gajah kang loro mati, gajahe Sang Tumenggung isih urip banjur padha dituntun digawa menyang Mangir. Tata gelaring Mangir kang sadhela lumayu rewa-rewa kalah, sabar andhedhepi, nanging dumadakan anggebug, ngepung kurbane lan nyokot kanthi keroyokan, banjur katelah tata gelar Ronggeng Jaya Manggilingan; awit mangkono iku patrap lan sipating ronggeng, asu ajag kang urip ana ing laladan pesisir kidul. Wujude cilik nanging trengginas lan lantip.

Cekaking carita, Mataram kalah perang, nanging senapatine slamet urip, bali menyang Mataram sowan ing ngarsane Senapati Ingalaga. Prajurite saperangan gedhe padha tiwas lan tatu, saperangan liyane padha ngilang. Sanajan mangkono, Mangir isih durung wani ngrangsang lumebu ing Mataram, awit prajurit Mangir uga akeh kang padha tiwas. Sawah lan pategalan padha rusak, mengkono uga omah lan pomahane para warga. Warga Perdikan padha sengkut anggone nyambut gawe. Sanajan swasana perang isih durung ilang, nanging kahanan Mangir kang bosah-baseh padha dipulihake bebarengan. Sawah, tegalan, lan dalan-dalan kabangun maneh. Uga prasarananing para makarya kaya dene pasar lan papan-papan pakaryan gendheng, bata, lan uga undagi lan liya-liyane. Kajaba iku, para pangareping Mangir pada nunggal ing karep, Mangir bakal ambedhah betenging Mataram. Mula para pandhe lan empu uga padha sengkut anggone padha gawe

130

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta