Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

M. Priharti Wiyani

didhahar. Mengkono iku sateruse nganti sesasi.
 Ing dina sing wis ditemtokake, Syekh Maulana arep mriksani kepriye Syekh BelaBelu anggone tata-tata arep menyang Mekah. Nanging sepira kuciwane Syekh Maulana, bareng priksa yen Syekh Bela Belu durung ketok tata-tata arep menyang mesjid. Malah kepara lagi enak-enak ana ngarep keren, tunggu liwetan.
 Ature Syekh Maulana; "Apa kowe lali marang kasaguhanmu,yen dina iki arep Jumuwahan ana Mekah, teka isih enak-enak ana ngarep keren?"
 "Kula mboten kesupen kaliyan kasagahan kula, nanging kula dereng saged bidhal yen dereng nedha rumiyin, kamangka kula nembe ngliwet, punika dereng mateng. Menawi panjenengan badhe tindak rumiyin, mangga kula aturi tindak rumiyin, mangke kula badhe nusul sasampunipun liwetan mateng" Mangkono ature Syekh Bela Belu kanthi sareh, sarta sinambi nyugokake kayu ing kerene.
 Sajroning manahe Syekh Maulana sekel, dene Syekh Bela Belu nyepelekake marang janjine, tegese laku tapane mung kanggo pawadan supaya kasenengane mangan tansah kasembadan.
 Syekh Maulana banjur ninggalake papan kono kanthi sekeling penggalih lan banjur gegancangan tumuju menyang mesjid Mekah saperlu nindakake sholat Jumuwahan kaya kang wus diucapake ing ngarep. Senajan Syekh Bela Belu kaya-kaya ora nggape mung ubeg nyugokake kayu ana ngarep keren kanggo matengake liwete.
 Gancaring carita, Syekh Maulana Mahgribi kanthi nggunakake daya kasektene, mung sakedhep netra wae, wus tekan Mekah, papan kang dituju kanggo sholat Jumuwahan. Ing batin Syekh Maulana rumangsa mongkog dene bisa nggunaake kasektene kanggo lumawat menyang mesjid Mekah sing adoh banget saka kutha Ngayogyakarta. Mbok menawa yen nggunaake prau bisa kalakon pirang-pirang minggu rikala samana, nanging bisa katempuh dening Syekh Maulana mung sakedheping netra. Sajroning manahe Syekh Maulana Mahgribi rumangsa yen bisa ngalahake Syekh Bela Belu. Mulane ora enggal mlebu ing mesjid angkahe karo ngenteni tekane Syekh Bela Belu lan arep mbuktekake marang Syekh Bela Belu yen laku tapa cara Syekh Maulana Mahgribi sing bener-bener laku tapa kang apik lan bener. Ora kaya laku tapa kaya sing dilakoni dening Syekh bela Belu kang aneh, mung nengenake anggone mangan wae.
 Kocapa bareng Syekh Maulana thingak-thinguk nggoleki Syekh Bela Belu ing antarane wong-wong kang lagi padha ilir teka ing papan kono, dumadakan panyawange Syekh Maulana tumuju menyang njeron mesjid Mekah. Saiba kaget lan gumune Syekh Maulana Mahgribi bareng priksa ing barisane para jamaah, kang ana ngarep wis katon Syekh Bela Belu lungguh sila. Kang ateges anggone teka mesthi luwih dhisik dhewe amarga bisa entuk papan ing ngarep.



4

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta