Mangir, Tanah Perdikan
sawijining dina, sirahmu bakal dadi ijoling lelakon iki". Iring-iringane Mataram gegancangan lumaku ngalor, diiringake prajurit Mangir, supaya ora gawe polah warna-warna. Sadalan-dalan rombongane Ki Patih dadi pangewa-ewane warga Mangir. Ana sing moyoki, ana simg ngunek-unekake, malah ana sing ambalangi nganggo lendhut sawah.
Satekane utusan, Panembahan Senapati kuciwa banget. Kasunyatan kang ana, ora cundhuk karo gegayuhane. Panembahan muntab dukane, gedrug-gedrug gawe mirising para abdi.
"Mangir kudu ditumpes kelor!" Mataram banjur nyatakake perang marang Mangir. Prajurit Mataram saka sing cilik dhewe mendhuwur tekaning senopatining yuda padha tata-tata cecawis pirantining perang, gegaman warna-warna uga kuda lan gajah. Mangir bakal kalabrag dening prajurit Mataram kang gumurudug kadya laharing Merapi. Nanging kawula Mataram padha diwajibake ambayar pajeg luwih akeh.
Nalikane tumekeng titiwanci, para prajurit padha pacak baris ana ing alun-alun kraton Mataram, padha asikep gegaman sapepake. Sandhangane warna-warna, kang abang dadi siji karo abang, ijo karo ijo, kuning karo kuning, kaworan warnaning gendera lan duwaja, endah dinulu kadya kembang ing patamanan. Kuda lan gajah disiagakake, ngenteni pratandha budalan. Bareng gong beri katabuh, prajurit budhal kairing suraking kawula Mataram kang ambata rubuh, padha mangalembana lan anyubya-nyubya. Prajurit Mataram bakal unggul ing yuda, awit Mangir iku mung dununge begal, kecu, maling lan sabangsane. Kaya ngono iku panganggepe kawula Mataram marang Mangir, kang pancen digawe.lan dikarepake dening kraton. Lakuning wadyabala Mataram lancar tanpa alangan, maju terus nyabrang Code, nyabrang Winanga tumuju Mangir.
Satekane ing tlatah Cepit, prajurit Mataram kapapag dening wadyabala Mangir. Prajurit Mataram anata gelar sapit-urang. Cucuking yuda kalenggahan dening Tumenggung Jayaningprang, tilas sawijining punggawa Pajang kang arerewang Danang Sutawijaya anggone tindak culika marang Sultan Pajang. Sang Tumenggung kaampingan dening keponakane kang isih mudha, nanging mumpuni babagan kridhaning yuda karan Bancet Mangunkarsa. Cucuking sapit-urang dipandhegani dening gegedhug sakembaran, Setajaya sisih tengen, Jayaseta sisih kiwa. Ing batin Tumenggung Jayaningprang ngungun awit prajurit Mangir kang amapag mung prajurit kuda kang cacahe ora sepiraa. Kang mandhegani Wanabaya dhewe tanpa pengamping. Baro Klinthing babar pisan ora katon. Saka punggunging gajah, Sang Tumenggung mundhut pirsa marang telik sandi. Ature telik sandi,
"Kinten kula inggih namung menika bala Mangir ingkang wantun manjing ing rana. Awit sanesipun namung tiyang dhusun sawantah, ingkang ajrih ningali gelaring Mentaram. Wasana sami wangsul dhateng papanipun piyambak-piyambak,Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
129