Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/135

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Mangir, Tanah Perdikan

Piet Hari Santosa

Mangir mono jeneng sawijining laladan talatah Bantul ing Ngayojakarta. Mangir diliwati kali sawatara cacahe. Kali Praga, kali Bedhog, kali Winanga lan Code, kali Opak lan kali Oya. Kabeh kali mau mili ngidul, anjok ing Segara Kidul. Mangir dikubengi dening sawetara gunung. Ing sisih kidul-wetan ana Gunung Kidul, dene sisih kulon Gunung Menoreh. Ing sisih kidul diwatesi dening samodra gedhe yaiku Samodra Indonesia, lan pesisire kasebut Parangtritis. Mula Mangir kuwi sawijining laladan subur, thukul kang sarwa tinandur, gemah ripah, wargane padha urip tetanen, ambebedhag lan golek iwak, awit kajaba lemahe subur, akeh kali, ana pesisire, uga akeh kewane, kewan iber-iberan lan kewan buron warna-warna. Malah kala samana ing pesisir kidul ana jinising asu ajag kang urip gegerombolan ing kono lan kasebut ronggeng.

Warga Mangir urip tentrem, ayem, dipandhegani dening tetuwa kang kasebut Kiageng Mangir, ora panguwasa liya, awit Mangir mono tanah perdikan. Ora perlu asok glondhong pangareng-arang marang praja ngendi wae. Uga Pajang lan Demak. Tanah Mangir katetepake dadi perdikan dening Majapahit sanajan ora cetha titi-wancine lan sapa ratune kang netepake. Nanging mesthine Mangir akeh labuh-labete marang Majapahit kala semana. Mula Kiageng lan kabeh warga Mangir ora rumangsa dadi jajahane praja kang tuwuh anyar ing Jawa Tengah, kajaba mung ngayom marang Majapahit, sanajan wektu iku Majapahit wus lingsir. Marga kang mangkono iku, Mangir, minangka tanah perdikan, kaya-kaya dadi negara kang andarbeni punggawa lan kaprajuritane dhewe.

Kahanan kang ayom-ayem, suburing tetanen, angin gunung kang sumbribit ngadhemake jiwa-raga, jumleguring alun Segara Kidul kang gawe mareming ati,

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

125