Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/134

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

D. Djumadi

Sawuse meneng sadhela, Pak Lurah Sagotra kandha marang Laras, "Makaten, Nak Laras, dedongengan ingkang kula pireng saking para leluhur kula ing dhusun Kuwu ngriki. Mugi wonten pigunanipun tumarap Ndika." Dene laras, amarga kasengsem anggone Pak Sagotra nyaritaake, nganti ora nggagas yen critane wis rampung.Mula bareng dingandikani mangkono mau, Laras rada gragapan. Mung caos wangsulan, "O, inggih Pak Lurah. Matur nuwun." Sabanjure Laras nerusake ature," Sasampunipun kula migatosaken dedongengan ingkang kawedharaken Bapak, lajeng tuwuh pitakenan salebeting batos kula, wewarah menapa ingkang saged kula tular-tularaken dhateng para kanca tuwin mitra pitepangan kula ing Ngayogyakarta? Ingkang menika, Pak Lurah, kula sepisan malih ngaturaken agunging panuwun. Lan ugi nyuwun pangapunten, bokbilih sadangunipun kula cumondhok wonten ing Kantor Kalurahan Kuwu ngriki, wonten bab-bab ingkang boten ndadosaken karenaning panggalihipun Bapak. Salajengipun, keparenga kula nyuwun pamit, wangsul dhateng Ngayogyakarta. Mugi sanes wekdal kula saged sowan mriki malih." Mungkasi atur mangkono Laras njawat astane Pak Sagotra. Pak Lurah njawat tangane Laras karo ngandika, "Sami-sami, Nak Laras. Wilujeng tindak. Mugi rahayu ing margi ngantos dumugi nggriya Ndika. Sokur menawi purun ngabari mriki."

Laras mung manthuk, caos urmat, tumuli budhal. Diuntapake Pak Lurah Sagotra nganti Laras munggah ing bis. -@

124

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta